YUDHAKALA
KRESNA MUSNA
Adem ayem kaya wonten ing swarga, swarga ingkang
dados papan panggon pangayoming para dewa-dewa lan para Bathara. Kahyangan
Junggring Salaka aranipun, bubrah papan panggon pangayoming para dewa
kang awujud kahyangan menika dadi segara geni kados neraka nalika
katekanan mungsuh saka Negara Dwarayudha. Gustinipun menika Prabu Kudhakala Kresna ingkang gadahi wujud buta
ananging badane wujud jaran.
Prabu Kudhakala Kresna ngutus patihe
Yudhakala Kresna mendhet alih kekuasaan kahyangan Junggring Salaka
kanthi peksa. Prabu Kudhakala Kresna ngendika marang patihe mengkene :
“Patih Yudhakala Kresna ing kahyangan
Junggring Salaka kok sajake endah temen, aku kapingin dadi ratu ing
kahyangan mengkana.”
“Inggih kula sinuwun prabu, kula derekaken sinuwun”
patih Yudhakala Kresna mangsuli. Patih Yudhakala Kresna lajeng dateng wonten
ing kahyangan ngrebut kanthi peksa saking Bathara Guru. Anangin Bathara Guru
boten purun maringaken kahyangan lajeng nglawan, ingkang
dipun biyantu para dewa-dewa, nanging boten saged ngalahaken Yudhakala Kresna,
amergi boten ahlinipun perang.
“whahaa,,,he ha,, saiki aku kapingin manggon ana
ing kahyangan kene.” Yudhakala Kresna gemboran wonten ing Kahyangan.
“weheh ! karep-mu apa ? jelas nyata kahyangan dudu
duwek-mu ! wani-wanine ngomong sak penake ususmu ! kowe sapa heh !” Bethara
guru pitaken nadane radi inggil.
“Wis rausah kakean omong ! aku patih Yudhakala
Kresna saka Negara Dwarayudha, kene lawan aku ! whaha,,, “ Yudhakala mangsuli,
“Nyoh tampanano ! “ Bathara Guru ngajar
Yudhakala
“waha, apa ora bisa luwih banter sithik
anggonmu njotos awakku heh ! saiki ganti aku, nyoh ki tampanano !”
Yudhakala Kresna lajeng nyerang Bathara Guru
“Kurang ajar kowe Yudhakala, nyoh rasakna ! “
Dewa-dewa biyantu Bathara Guru nglawan Yudhakala. Ananging dewa-dewa wau boten
saged ngalahaken patih Yudhakala Kresna.
“whaha ora krasa ! hiaah,,,, ki rasakno ! wis kana
sumingkira. whahahaaa,,,, “ Yudhakala saged ngalahaken Bethara Guru kaliyan
para dewa menika. Lajeng Bathara Guru ngutus Bathara Narada rawuh wonten ing
Mandura nyuwun tulung kaliyan Narayana supados saged ngusir mungsuh kang
kapingin ngrebut kahyangan Junggring Salaka.
“Bathara Narada, kula nyuwun tulung panjenengan
saged sowan ing Mandura, pados Narayana supaya saged biyantu
kahyangan kang wis mosak-masik kaya segara geni amergi polahe Yudhakala Kresna
“ Bathara Guru ngutus Bethara Narada.
“Nun inggih sinuwun sumadhung dhawuh pikulun”
Bathara Narada mangsuli, lajeng tindhak wonten ing Mandura .
Sakdugine wonten ing Mandura, Bathara boten
ningali Narayana,nanging wontene namung prabu Baladewa kaliyan Praguta
dipun leremaken pikirane ingkang saweg nandhang sungkawa amergi Narayana kesah
boten pamit kaliyan prabu Baladewa, lan boten wonten ingkang mangertos
kesahipun Narayana, lajeng prabu Baladewa makili Narayana. Lajeng
Bathara Narada madosi Narayana.
“Kula nuwun pekulun nalika putra. Sarawah paduka
kula ngaturaken pambagya sembah sungkem kula kunjuk padukan Sang Hyang Narada.”
Atur sembah saking Baladewa dateng Bethara Narada nalika Bethara Narada rawuh
wonten ing Mandura.
“iya ngger, iki aku teka ing Mandura iki
ngemban dhawuh saka sang Hyang Guru arep jaluk tulung marang Narayana
supaya bisa kiineng ngendhak napsu murkaning prabu Kudhakala Kresna sapatihe.”
Bathara Narada rawuh ngemban dawuh saking Bathara Guru.
“Kula nuwun sewu pekulun Narada, wekdhal menika
rayi kula Narayana boten seba, saha piyambakipun sampun dangu kesah saking
Mandura boten pamit.” Baladewa mangsuli Bathara Narada.
“Ngger Baladewa, yen nganti Narayana ora ketemu,
kelakon dijak-jakan para buta Dwara kana ngger” Bathara Narada sedih
“Pekulun Narada, menapa sekinten wonten paduka
menawi paduka kula wakili pekulun” Baladewa nawaraken usulan.
“Yen pancen ngana, awit asmane adhi guru ulun
paring panrima kasil marang lukita Baladewa.” Bathara Narada setuju saha
dongakaken Baladewa.
“Nun inggih Pekulun, matur sembah nuwun.”
Wangsulanipun Baladewa
”Yen ngono aku tak goleki Narayana ngger” Bathara
Narada lajeng madosi Narayana.
Lajeng Prabu Baladewa ngutus Praguta lan Perbawa
nyiapaken prajurit dherek prabu Baladewa wonten ing gunung Jambul Dipa.
“Hei Praguta tumuli kirabna para prajurit Mandura
melu aku pratelan ing gunung Jampul Dipa. Patih Perbawa, Sira Kondhang
pinter ngatur barisan perang, mula murih aja nguciwaning sakabehe .” Baladewa
ngutus Praguta kaliyan patih Perbawa.
“Nun inggih gusti kanjeng sinuwun” wangsulanipun
Praguta kaliyan patih Perbawa.
wonten ing ngrika prabu Baladewa
sumerep wonten wanara ingkang madosi Narayana, titisanipun
Bathara Wisnu saha Bathara Guru.
“Loh kae ana wanara kok genep temen tata kramane,
jenengmu sapa ?” Baladewa pitaken
“Kula Anoman, kula badhe sowan wonten ngarsanipun
raden Naryana.” Anoman mangsuli.
“Anoman, wektu iki rayiku Narayana lagi lunga
tanpa pamit, padahal wektu iki Narayana kudu nylametake kahyangan Junggring
Salaka saka Yudhakala Kresna.” Ngendhikanipun Baladewa.
Lajeng Anoman dipun ajak majeng perang
dening prabu Baladewa, mungsuh Yudhakala Kresna kang arep ngrebut
kahyangan Junggring Salaka. Banjur padha mlampah wonten ing
kahyangan.
Wonten ing ngrika Yudhakala saweg gineman
kaliyan Togog lan Mbilung , lan wonten ing ngrika Yudhakala Kresna
dipun aturi menawi mangkeh bakal dipun lawan Baladewa, Yudhakala boten
gadhah ajrih ananging malah nantang.
“kanjeng, Panjenengan mangkeh mungsuh kaliyan
Baladewa kanjeng.” Togog matur patih Yudhakal Kresna.
“Minggira aku ora wedi, ndi mungsuhku ? majua mrene
! “ Ngendhikane Yudhakala Kresna.
Boten dangu prajurit-prajuritipun Prabu
Baladewa lajeng nyerang Yudhakala Kresna, nanging prajurit-prajurit wau boten
saget ngalahake Yudhakala Kresna. Akhire prabu Baladewa, Anoman ingkang ngadapi
Yudhakala Kresna, praguta kaliyan Perbawa ngadepi Yudhakala Kresna.
“Nyoh iki tadahana !” Antemane Baladewa, Anoman ugi
Praguta kaliyan Patih Perbawa boten saged ngalahaken Yudhakala Kresna.
Wonten ing sanes wekdal Permadi kaliyan Semar
sumerep wonten pertapa ingkang lumpuh dawah saking langit asmanipun
Leladi Mangsa, lumpuhe wau saged dipun pulehaken dening Permadi, Leladi Mangsa
menika wau boten sanes inggih menika Narayana.
“ Dimas Permadi, Satemene kang membo dadi wong
lempoh iku aku Narayana.” Ngendhikanipun Narayana.
Boten dangu Bathara Narada wonten ing
ngrika lan akhire sumerep si Narayana, lajeng sanjang menawi
angsal amanat saking Bathara Guru nyuwun tulung dening Narayana
supados nylametaken kahyangan Junggring Salaka.
“Wealah putuku Narayana, iki kowe intuk utus saka
Bathara Guru ngalahake mungsuh kang wis obrak-abrik kahyangan” Ngendhikanipun
Bethara Narada. Wonten ing ngriku Narayana kaliyan Permadi dipun bekali
pusaka cacahe kalih.
“Iki keparingan pusaka saka Adhi Guru cacahe lara,
siji kreta kencana kang arane kyai Jala Dara karo bende kang arane kiyai
Panca Janyo, bende iku yen di tabuh swarane bisa gawe mungsuh dadi lemes
lan ora bisa berkutik.” Ngendhikanipun Bathara Narada.
Lajeng Narayana kaliyan Permadi
mlampah, wonten ing kahyangan nitih kreta kencana wau. Wonten
ing tengah margi Yudhakala Kresna sumerep wonten tiyang kang nitih kreta kang
saged mabur, inggih menika kreta kencana kang dipun titih Narayana
kaliyan Permadi. Narayana kaliyan Permadi wau ngedhang Yudhakala Kresna munggah
wonten ing kahyangan.
“Ana satriya kulit cemnik mudun saka kreta,sapa
kowe?” Yudhakala pitaken.
“Aku Narayana kang dadi dewa kematianmu. Nyoh
tampana” Wangsulanipun Narayana. Lajeng perang kaliyan Yudhakala Kresna.
“Wehaha hayo maju manih, antemanmu rasane ora luweh
kaya kapuk, weahaa,,,” Yudhakala Kresna gemuyu. Banjur Permadi nabuh bende kyai
Panca Janyo kang bisa ngluluhake mungsuh, Yudhakala Kresna dados lemes.
“lhoh-lhoh, gene ki awakku kok rasane ora duwe daya
kaya ngene?” Yudhakala krasa bingung menapa badanipun lemes. Narayana lajeng
ngajar Yudhakala Kresna.
“ Nyoh tampanana !” Narayana nyerang Yudhakala
Kresna.
“heh aduuhhh hahh hoooooohh,,” Yudhakala wis ora
awujud malih. Akhire Yudhakala Kresna bisa dipun kalahaken dening
Narayana,akhire Yudhakala Kresna bisa dipun musnakaken.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar