Minggu, 14 Desember 2014

KIDUNG SING ILANG



KIDUNG SING ILANG
Dakambu alas kobong saka alun-alun pisowanan
ginawa angin wengi saka pasisir tumuju pagunungan
sawise cahya srengenge sayah ngiring tembang bocah alasan
krungkeb sangisore ayang-ayang ringin, ing tengah kutha

ganda bacin nyengrak saka pucuk tugu pengetan
banjur ili banyu ngirim saglundhung banjir bandhang
wit-witan pangayom dalan rubuh jinarah tangan-tangan wesi
sauntara kedhep mripat srengenge abang mlerah
nyorotake kanepson jaman makantar-kantar

kukus ireng ngendhanu sandhuwure taman kaputren
kilat thathit guruh bledheg ngakak ngubengi beteng kuthareja
udan panah binarung rasa kekes sinawat saka dhasar segara
ngonclang makutha baita, o, mupus salirik kidung kelasi
dhinampar ngangkrag sandhuwure watu gilang alas jati
sauntara pucuk lalang nyolong keprawanan langit
nyingkap klambu wengi, ngajak sepi lunga ziarah
ing kuburan guritan warisane penyair kelangan jaya kawijayan

daktemu makuthaning wengi coplok saka embanan jaman
bareng gugure salembar wulu manuk saka taman langit
cahya rembulan kaerut ing pakunjaran
lan alas terus bae kobong saoyod-oyode
kukuse kumelun sandhuwure alun-alun pasowanan
ngrubuhake regol panjagan kabudayan
mutung tumbak piyandel pangukuhe singgasana kautaman
pinutur gresah angin, tangis ringin, lan kumepraking jaman
sing pecah ajur mumur kabanting sungsange kahanan
supradene panggah daklacak kidung sing ilang
sapa ngerti kaendahan panciptan, bali maneh manjing guwa garba
jatining girut, wingkising nurani, lembuting jiwa
manjing ing kasekten jemparing landheping curiga
nyatane jagad iki wis rinatonan panjilmaning angkara!
Kapethik saka : Bledheg Segara Kidul (ANTOLOGI GEGURITAN 1987-2007)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar