DURYUDANA GUGUR
DURYUDANA GUGUR
Pandhwa Mandhalayudha. Prabu Puntadewa isih lenggah ana ing pendapa kaliyan prabu Matswapati lan Prabu Kresna. Prabu puntadewa celathu marang eyang baginda Matswapati yen saiki ora ana rasa sedih sing kedadayen kaya ngene. Saben perang baratayudha mesti menang. Nanging menange perang wis dituku karo tibane tawur para sedulur, wong tua, guru, lan kabeh wong sing wis sapantese di kemukten saka prabu Puntadewa.puncake dina iku tangane prabu puntadewa nganterake uwa prabu salya marang tepet suci.
Secilik udud ledu, prabu puntadewa ora ngira yen obahe tangane bakal dadi lungane uwa mandaraka. Krungu apa sing diomongke prabu puntadewa kuwi mau wis dipahami dening prabu matswapati. Prabu puntadewa banget teguhe njekel kesucian awake dhewe. Pancen sing wis kedadeyan marang trah matsya. Puntadewa nyuwun marang prabu kresna bareng-bareng mbimbing sedulure yaiku pandhawa,kanggo nggoleti panggonane prabu Duryudhana amarga prabu duryudhana ora ketok saben perang. Lan arep ngajak bali prabu duryudhana maring Ngastina.
Prabu puntadewa nggolekki panggonane prabu Duryudhana. Nalika srengenge esuk nerangi dina iki, prabu Kresna wis ana ing medan Kuru. Rame-ramene peperangan sing wis lakukna nganti 18 dina sing turah utawa sing bisa dideleng gawe wong nelangsa. Nanging prabu Kresna kelingan karo ucapane dhewe nalika prabu Baladewa sing di sisihake karo tipu dayane,supaya ora melu-melu marang medan perang. Lan kudu tapa disit ana ing Grujugan Sewu.
Ana ing kana prabu Baladewa tapa muja marang Dewa, supaya di wenehi kerukunan karo sedulur-sedulure Kurawa lan Pandhawa. Nalika prabu Kresna wis tekan ana ing panggonan semedi prabu Baladewa. “Dosane niku gedhe banget,werkudara, umpami menungsa ngganggu menungsa kang lagi tapa, tapi saiki ana bab sing wis ora bisa ditunda maneh. Mangga dinda, rewangi aku hening cipta kangge nangikake prabu Baladewa karo Aji Pameling” .Celathune Kresna marang Werkudara ing ngarepe prabu Baladewa sing dijaga dening putrane yaiku Raden Setyaka. Prabu Kresna semedi banjur mbisiki aji pameling marang kuping atine prabu Baladewa.
Prabu kresna wis bisa ngrubah dalane wektu. Sawise kena Aji pameling, prabu Baladewa tangi saka tapane. Kaya tangi saka ngimpi sing nggegirisi ati, ana ing ngarepe wis ngadeg prabu Kresna karo werkudara. “dinda, sampeyanlah sing tak enteni, Baratayudha iku wis diwiwiti,apa malah perange wis rampung?” takone werkudara. “Kurawa wis tumpas dina iki kanda Prabu,nanging isih ana siji maneh sing tak goleti, prabu Duryudhana” jawabe Kresna.
Prabu Baladewa ngandhani werkudara kon mungkasi memungsuhan sing dadikake keancuran. Werkudara kudu eling yen pandhawa karo kurawa iku esih siji turunan yaiku turanan saka Eyang Wiyasa. Kresna ngajak werkudara goleki prabu Duryudhana,lan prabu puntadewa uga wis lilakake Negara ngastina dadi duwene Kurawa. Sadawane dalan Kresna ngandelna kekuwatan indera pikirane,ana ing sedawane dalan kresna weruh gajah kyai Pamuk. Anehe nang duwur geger gajah mau sandangan lan senjatane prabu Duryudhana. Kresna ngira yen ana ing ngisor telaga kae prabu Duryudhana umpetan. Banjur ba;adewa nyeluk pra duryudhana.
Karo swara sing seru banget Baladewa nyeluki prabu Duryudhana “Dinda prabu..uwalah sampeyan ning kene,wing kangen banget aku pengen ketemu karo dinda prabu Duryudhana. Aku kang masmu prabu Baladewa, dinda..aku nyuwun saiki sampeyan metu saka banyu telaga”. Prabu Duryudhana matu saka panggonan umpetane yaiku ana ing tengah-tengah telag. Banjur Lorene pada rangkulan ora mikirake apa wae sing ana ning sekelilinge. Prabu duryudhana ngira yen sing teka mau arep ngajak perang, Duryudhan nerangake yen dheweke ora mlayu saka tanggung jawab,wedi, apa maning dadi pengecut nanging dheweke lunga amargi dheweke arep nglawan mungsuh-mungsuhe karo Olah Gada sing di ajari dening prabu Baladewa lan prabu baladewa dadi seksi dheweke ngolah Gada.
Prabu Baladewa nerangake yen dheweke goleki prabu Duryudhan dudu perkara arep ngajak perang ananging malah arep ngajak damai. Amargi wis akeh wong tuwa sing dadi tawur perang mula prabu Baladewa karo para Pandhawa wis sepakat arep ngajak bali prabu Duryudhana marang Negara Ngastina, lan nglalikake sing mbiyen wis kedadeyan,sing sejatine bisa di dadikake ilmu kanggo mbesukke. Para pandhawa wis trima yen para para pandhawa lila menehake Negara Ngastina lan mung njaluk Negara Ngamarta bali menyang para pandhawa sing wis di bangun dening para pandhawa karo usahne dhewe.Nanging jawabane prabu Duryudhana mau ora dadikake masalah rampung. Prabu Duryudhan celathu maneh “ moh.. moh kanda.. kanda wis ngremehna aku,wis akeh prajuritku sing gugur nang perang, apa gunane aku iki sing wis manggon ning kene dewekan wedi mati. Moh aku.pokoke ora..aku iki raja agung, Raja sing wis pirang taun wae urip ana ing kamuliaan. Ora mesthine aku gampang nglilakake tanggung jawabku’’. Banjur duryudana njaluk perang tanding. Umpami pandhawa kalah uta menang pandhawa bakal kuciwa. Saumpami Prabu Duryudhana sing menang iku pancen wis dadi kuwajibane mbangun maneh kemuliaane lan prabu duryudhana pa ora geldaem kesusu. Amerga kekuwatan lawane sing pada sektinne.
Werkudara karo duryudhana ngati-ati banget yen arep nyerang. Aja nganti salah anggone nyerang lan nglebokake marang situasi sing marakake salah sijine kalah. Antemane prabu Duryudhana saya suwe saya cepet ngenani prabu Werkudara saka arah ngendi wae. Langkahe prabu Duryudhana semrinthil banget kayadene manuk sikatan Prbu Duryudhana mlumpat mrana-mrene nyambar lan matuk prabu Werkudara karo gadane. Perang tanding sing di lakoni dening werkudara karo Duryudhana awasi dening Kresna lan Baladewa. Anteman-anteman gada saka werkudara karo duryudhana saya suwe sangsaya kuwat.
Wong loro mau wis tekan marang ilmune dhewe-dhewe sing paling duwur. Kekuwatan wong lora mau kaya taufan , nanging wong loro kuwi mau pancen menungsa-menungsa sing wis dipilih lan wis ketampa dening pengalaman merguru karo pengalaman ana ing sedawane perang. Prabu Duryudhana ngetokake serangan-serangan anteman gada sing paling kuwat bola-bali. Werkudara karo ajian Bablak Pangantol antol lan direwangi karo sukma Kumbakarna sing wis tememplek karo awake dhewe banjur nyerang duryudhana.
Lapangan perang tanding mau dadi geseng kayadene kena bledeg. Apa maneh tubrukane gada wong loro mau sing swarane bledeg sing di rungokna kaya sejuta gludug ana ing lagit. Prabu Duryudhana duwe kekuwatan sing simbole saka angkara murka sing oran gampang dikalahake dening laku apik. Sadawane dina perang tanding mau urung ana sing ketok sapa sing bakal menang. Kekuwatan angine duryudhana sing ngenani werkudaran dening pusaka gada mau kuwi dadi tambah medeni. Werkudara mulai ngrasakake yen dheweke mulai diisep dening ubengane angen smau sing panas banget. Kaya-kaya puseran banyu sing duweni kekuwatan gede banget ngisep awake werkudara mabur meng duwur. Nanging aji Bablak Pangantol-antol duwene werkudara wis nancepana awake werkudara marang njero lemah. Nalika Duryudhana mlumpat karo nyerang, werkudara ngenani prabu Duryudhana karo gadane sing kekuwatane kaya bobot gunung sari. Karo kringet sing mecucur, di tambah karo kata-kata sing kotor “ambruk kowe prabu Duryudhana”. Ananging nalika prabu Duryudhana arep nyoba menyat, ping siji ping loro ping telu gadane werkudara isih wae nggempur awake prabu duryudhana. Remuk rempu awake prabu Duryudhana ora kawujud awak maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar