DHAWUHE BATHARA NARADA
Nalika ingkang surya taksih wonten ing cengkremanipun ingkang nginggiling donya. Boten sepa, boten dinyana dening Baladewa. Bathara Narada rawuh wonten nagari Mandura. Sinebat nagari Mandura inggih mengka werdi negari kinepung samudra, mlebet mapaning madyaning tulung. Nagari Mandura sinebat wara sundari ingkang werdine bumi pinilih. Wanantara tekeng jaladri hanggunggung reksa dadi pagungang pasang. Among tani peken tadari tansah lumadi denya makarti, kanthi tekun angolah siti, lemah ketekane kaesti, lumbung pari tansah sinandhing dadi raharja wong sanagari, cekap ing ngayon, turah ing wuri.
Baladewa kaget boten kados biasanipun. Amenangi dewaning para dewa sowan wonten ing pasinggahanipun. Baladewa lajeng ngaturaken pambagya sembah sungkem sarta sinuwun kagem sang Hyang Narada menika. Bathara Narada hanampi pambagya sembah sungkem kanthi ati bungah kalihan manah. Supados dipun paringi rahmat dening dewa-dewa sanesipun. Baladewa mirsani sowanipun sang Hyang Narada menika wonten dhawuh ingkang sanget pentingipun. Ngantos lila keranta-ranta singgah wonten nagari Mandura. Leres menapa dene pamanahipun Baladewa, sang Hyang Narada anggadhahi utawi dipun dhawuhi dening sang Hyang Jagad Nata. Sang Hyang Jagad Nata ngendikakake maring Hyang Narada, minangka marang kadangipun Baladewa kalihan Bathara Narada yaiku Narayana.
Sejatosipun Narayana menika kadang alit utawi adhinipun Baladewa. Bathara Narada ngandaraken marang Baladewa menawi wonten ing kahyangan Junggring Salaka kasinggahan mungsuh saka Nagara Dwarayudha, gustining Prabu Kudakala Kresna. Kudakala Kresna menika sejatosipun anggadhahi wujud buta ananging kagungan pangawak awujudipun jaran. Kudakala kresna nggadhahi pangkat patih, piyambakipun angsal dhawuh saking ratu gustinipun nyuwun panguwasan kahyangan Junggring Salaka. Ananging wonten cariyos menika, Bathara Guru boten maringaken, satemah dadosaken nagari Dwarayudha prejawata mungsuhipun Dwaraka. Ananging para dewa menika boten saged perang, kahanan menika dadosaken para dewa mesthinipun lajeng kalah. Mila menika Bathara Narada singgah menika ngaturaken dhawuh saking Bathra Guru, Bathara Guru percados marang Narayana. Ingkang wonten cariyos menika, Bathara Narada animbali “putu”.
Narayana dipun aturi ngendhak napsunipun ingkang Patih Kudakala Kresna. Wontenipun Bathara Guru percados marang Narayana, amargi Narayana anggadhahi sifat ingkang satria ingkang pinandhita, lelabuhanipun Narayana kados dening satrianing praja. Hanamung jiwanipun Narayana sampun kasinungan jiwa Brahmana. Wonten ing madyanipun Bathara Narada ngaturaken dhawuhipun Bathara Guru, sang Hyang Narada taksih nyempilaken gegujengan marang Baladewa. Yaiku ngangge nyebat Narayana dados Ranarana. Nanging, sang Hyang Narada sejatosipun nyadari menawi gegujenganipun radi wagon.
Lajeng Baladewa namung mesam-mesem mawon. Kalih ketingal saking polatanipun. Baladewa ketingal sedhih kalihan bingung. Kados srengenge kealingan mendung, ingkang sekedap malih bakalanipun dhawah ingkang toya saking nginggiling donya. Baladewa ngandaraken menawi ingkang dipun padosi Narayana sampun dangu kesah saking nagari Mandura boten nilar atur menapa-menapa. Mirsa kasunyatan menika Bathara Narada radi bingung sanget, piyambakipun dhawuh marang Baladewa supados ngajak-ngajak para buta supados nulungi nglawan Patih Kudakala Kresna. Baladewa boten mendel kemawon, Baladewa sayektinipun inggih sekti kalihan saged perang, ananging boten kados sedherek alitipun yaiku Narayana.
Wekdhal menika wau, Baladewa nyanggupi badhe nggantosaken ingkang adhi, kagem majeng perang kalihan patih Kudakala Kresna. Bathara Narada boten lajeng sarujuk marang Baladewa. Bathra Narada lajeng ngadhraken, menawi perang menika boten perang kados biasanipun, perang ingkang boten namung pamrih nyawa mangkehipun ananging nun inggih pakurmatan asma dening Baladewa kalihan para dewa, ingkang sampun paring dhawuh. Ananging Baladewa sampun boten saged dibendung malih penggalihipun marang perang nglawan patih Kudakala Kresna menika. Boten namung amargi penggalihipun piyambak, ananging nun inggih kagem paring pakurmatan kagem Bathra Narada ingkang sampun keranta-ranta sowan wonten nagari Mandura.
Bathara Narada lajeng mikir-mikir malih, kagem nylarasaken kalihan kahanan ingkang wonten. Lajeng pungkasanipun Bathara Narada inggih paring donga restu lan sarujuk marang Baladewa. Lajeng Baladewa pangkat perang. Wonten ing perang menika, patih Kudakala Kresna boten saged dipun kalahaken dening Baladewa.
Mangertosi kahanan menika, Bathara Narada sangsaya bingung lan sedhih. Anaing jembaring donya menika, wonten pasinggahan ingkang radi raket. Wonten ing pasinggahan menika Permadi kalihan Semar panggih kalihan Leladi Mangsa. Leladi Mangsa menika sejatosipun nun inggih Narayana. Narayana nyamar dados Leladi Mangsa namung ajeng nyobi lara lapanipun dados tiyang ingkang biasa-biasa mawon, boten anggdahahi menapa-menapa hanamung raga kalihan tekad ingkang gumantil kalihan jiwa. Hanamung kagungan penggalih nyuwun kaanugrahaning gusti kalihan ngraosaken donya sejatosipun tanpa asma menapa-menapa. Sesampunipun Permadi mangertosi menawi Leladi Mangsa menika kakangipu Narayana. Permadi ngaturi Narayana wangsul wonten ing nagari Mandura. Amargi sampun dipadosi dening tiyang kathah, ingkang betahaken Narayana. Ingkang asih marang Narayana. Sejatosipun panganugrahaning Gusti mesthinipun bakalan kaparing kagem sinten mawon manungsa ingkan saged nglampahaken dhawuhipun Gusti. Misrani menika Narayana wangsul lajeng sumurup kalihan Bathara Narada.
Bathara Narada lajeng ngandharaken kahanan wonten kahyangan amargi polahipun patih Kudakala Kresna. Bathara Narada nun inggih ngandharaken menawi patih Kudakala Kresna boten saged kalah dening Baladewa. Namung Narayana ingkang saged ngalahaken patih Kudakala Kresna. Bathara Narada ngaturi babagan dhawuhipun Bathara Guru supados Narayana majeng perang nglawan Kudakala Kresna. Pungakasinipun Narayana nyangguhi dhawuh menika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar