Kamis, 04 Desember 2014

GATOTKACA GUGUR



            Nalika dalu sesampunipun Jayadrata pejah, Prabu Duryudana gusar amargi sampu kathah korban saking pihakipun, lan Bagawan Drona dereng wonten Pasanggrahan Bulupitu. Patih Sangkuni paring saran menawi dalu menika nglajengaken peperangan, kanthi petungan pandawa boten siaga narima serangan ing wayah dalu, amargi miturut perjanjian perang nalika dalu menika mandeg. Prabu Duryudana sarujuk saran menika. Prabu Duryudana paring dhawuh marang Prabu Karna supados dados pemimpin serangan kasebut. Prabu Karna lajeng nyiapaken pasukan raksasa saking Alamnusa bekas taklukan Awangga, amargi raksasa gadhah mripat awas nalika dalu. Prabu Karna ngadakaken perang suluhan yaiku perang bekta obor kangge penerangan.
            Pihak Pandawa kaget angsal serangan ndadak ing wayah dalu. Miturut saran saking Prabu Kresna, Pandawa ngutus Gatotkaca dados senapati kangge ngadepi serangan suluhan. Amargi Gatotkaca gadhah pasukan raksasa saking Pringgodani. Wonten ing peperangan raksasa Alamnusa ngadepi raksasa saking Pringgodani. Peperangan menika nyebabaken Gatotkaca kirang awas paningalipun.
            Gatotkaca boten sangaja damel Patih Prabeksa/Brajalamatan dan Braja Wilpika gugur kena serangan Gatotkaca. Gatotkaca ngginakaken aji narantaka lan ngubah awakipun dados kathah lan mabur ing angkasa. Pasuka Kurawa bingung lan sampun kathah korbanipun.
            Prabu Karna bingung amargi boten saged mirsani Gatotkaca ingkang asli lan kuwatir Kurawa kalah, angsal bantuan saking Dewa Surya. Gatotkaca ingkang asli ing dhadha wonten pusaka Antrakusuma. Sesampunipun mangertos, Prabu Karna lajeng ngeculaken pusaka Kunta Wijayandanu ing arah Gatotkaca.
            Sukma saking Kala Bendana ingkang mangertos Kunta Wijayandanu ngejar Gatotkaca lajeng nylametaken Gatotkaca. Nalika Kala Bendana lengah, Gatotkaca nubruk Kunta Wijayandanu. Gatotkaca gugur lan jasad menika dawah ngenani keratanipun Prabu Karna ngantos ancur.


Kapetik saka : Katalog Festival Dalang Dulongmas III
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar