Rabu, 24 Desember 2014

PRANATA SOSIAL BUDAYA



ARUH-ARUH TIYANG NALIKA KEPANGGIHAN
 
            Pranata masyarakat Jawi boten namung wonten ing kulawargi. Wonten pranata kangge sesrawungan kaliyan tiyang sanes. Padatan menika inggih menika babagan salam utawi nyapa nalika kepanggih. Tiyang ingkang sepisanan nyapa padatanipun tiyang ingkang lakung enem. Ancasipun tradisi menika kangge ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh.
            Ukara ingkang dipunginakaken kangge nyapa kadosta “mangga” lan “nuwun sewu” utawi awakipun dipunbungkukaken nalika lewat in sangajenipun tiyang. Sapaan-sapaan menika dipunterapaken masyarakat Jawi ing sesrawungan saben dinten.
            Nanging nalika mirsani perkembangan jaman samangke, padatan menika sampun luntur. Sepalih tiyang ingkang taksih nindakaken padatan menika. Tiyang enem nalika kepanggih kaliyan tiyang sepuh namung sami mendel utawi ethok-ethok boten tepang. Kebiasaan boten sae menika sampun boten nyerminaken mingka tiyang Jawi.
            Sanget perlu padatan menika dipuntuwuhaken malih wonten ing masyarakat. Tiyang ingkang sepuh kedah maringi tuladha ingkang sae kangge tiyang ingkang langkung enem supados nalika kepanggihan boten sami mendel.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar