Senin, 15 Desember 2014

MARANG PANGREKSA KEADILAN



MARANG PANGREKSA KEADILAN
Aja pisan-pisan nepus dawane lelabuhan
jangkah sikil ing lemah panas iki
salagine sliramu durung bisa ngukur wewayangan
prau sing labuh ing epek-epek tanganmu
pirang taun pirang windu
nganti wengi bisa rumesep ing menebe nurani

kepiye bisa niteni lemah cengkar
gegodhongan kabotan sanggan cintrakane sedulur tuwa
kamangka jaman wis suthik mengkoni?

(pakeliran rinengga lakon baratayuda
wayang-wayang adu arep notohake nyawa)

aja eram lamun anggit-lungit cinakrabawa
dening jabang bayi sing lair malang sungsang
sedina ping pitung atus tangis pamothah
ora lilih senajan dinolanan bal jagad
karana sliramu mamang
nyawang jejeg dhoyonge cagak panjer srengenge
puguh mbangkongi greget wantah
garis ireng koksengguh putih

aja pisan-pisan nimbang bobote le;abuhan
selagine ukara kokedol kanggo dagangan

Kapethik saka : Bledheg Segara Kidul (ANTOLOGI GEGURITAN 1987-2007)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar