Sanjaya putra Yamawidura kapengin gabung ing pihak
Pandawa. Sanjaya lajeng dipun uji kasetyanipun dening Dewi Srikandi kangge
ngadepi Prabu Karna. Nanging Raden Sanjaya gugur dening Prabu Karan. Prabu
Karna damel isin Dewi Srikandi kanthi gawe gelungipun rantas kena panah Prabu
Karna. Kedadean menika gawe Dewi Srikandi mundur saking peperanagan.
Saking nasehat Prabu Kresna, Arjuna dados senapati kangge
ngadepi Prabu Karna. Kanthi numpak Kereta Jaladara kusiripun Prabu Kresna
Arjuna maju ing peperangan. Prabu Hardawalika owah wujudipun dados raksasa
amargi badhe paring piwales marang Arjuna. Nanging penyamaranipun dipun
mangertosi dening Prabu kresna lan Prabu Hardawalika gugur kena panah Arjuna,
Pasopati.
Prabu Karna ingkang mangertos Arjuna lajeng ngeculaken
panah pusaka Badal Tulak ing arah gulunipun Arjuna. Prabu Kresna lajeng ngentak
kereta Jaladra lan panahipun namung ngenani rambut Arjuna. Arjuna lajeng
diparingi rasukan kados rasukanipun Prabu Karna, kanthi memper kaliyan Prabu
Karna.
Kapetik saka : Katalog Festival
Dalang Dulongmas III
Tidak ada komentar:
Posting Komentar