Kamis, 04 Desember 2014

TRADISI ROLASAN ING DESA BALAMOA



TRADISI ROLASAN ING DESA BALAMOA, KECAMATAN PANGKAH, KABUPATEN TEGAL
Tradisi rolasan utawi muludan dipun lampahi saben tanggal 12 Rabiul Awal kanggo mengeti lairipun Nabi Muhammad SAW. Ing desa Balamoa tradisi rolasan dipun laksanakaken wonten ing sekitar makam Pangeran Benowo, yaiku salah satunggaling tokoh penyebar Islam wonten desa Balamoa. Pangeran Benowo menika putra Sultan Hadi Wijaya saking kerajaan Pajang. Sandhing makam Pangeran Benowo wonten makam Nyai Jinten yaiku Ibu angkatipun Pangeran nalika piyambakipun wonten desa mriku.
Tradisi menika dipun lampahi sampun dangu, dereng nate warga desa Balamoa boten nglampahi tradisi samenika. Adicara ing tradisi rolasan yaiku pengajian utawi khaul lan ngresiki barang paninggalane Pangeran Benowo. Boten sedaya tiyang saged ngresi barang menika, nanging tiyang ingkang sampun dipun pitadosi saged ngrumati. Acara menika diwiwiti tabuh 09.00 WIB ngantos siyang. Padatanipun pengajian menika dipun pandhegani dening Ustad desa sanes.
Tradisi menika dipun lampahi boten namung kangge mengeti lairipun nabi Muhammad SAW, nanging wujud ngurmati tiyang sepuh ingkang sampun nyebar agama Islam yaiku Pangeran Benowo. Menawi badhe namung mirengaken pengajian, warga boten bekta punapa-punapa. Nanging menawi mara wonten makam langsung badhe nyuwun donga pangestu utawi gadhah gegayuhan, piyambakipun bekta sesaji mangke dipun selehaken wonten sandhing makam. Sesaji menika suraosipun juwadah pasar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar