JAGONE
KLURUK ING WAYAH SORE
Tamsir A.S
Dhusun dumadakan dados kosreg, umyek. Sedaya tiyang
rembugan bisik-bisik, sarta ngati-ati lan kebak wewedi. Klurukipun jago wanci
sonten kala wingi nggorekake dhusun. Tiyang-tiyang ingkang gadhah prawan lajeng
diincer hansip lan bebau dhusun, napa malih randa-randa.
Nalika sore, randa Larasati panggih kaliyan Kang Dema,
Randa Larasati nyuwun tulung dhateng Kang Dema supados ngaterke serat kangge
Pak Guru Jaka. Lajeng Kang Dema tumuju dhateng griyanipun Guru Jaka ingkang
biyen nate dipun-dhereki. Ngantos buntas sabin lampahipun kaandeg. Lajeng Kang
Dema bali maneh tumuju omahe danru hansip Juweni, nanging boten wonten.
Piyambakipun madosi ing markas, griyanipun Pak Kamituwa.
Sesampunipun kepanggih, tiyang kalih menika wicantenan
klesak-klesik. Kang Dema medhal saking pekarangan nuntun sepedhah kangge
nindakaken rencananipun. Hansipu patroli dipun-perang dados sekawan jurusan.
Jam sewelas dalu ing sandhing tugu Garuda sampun wonten sepedhah dijagang ing petengan.
Kasorotan lampu saking giyanipun Liyani. Lajeng wonten randa Larasati ingkang
nyedhaki sepedhah kang jumagang. Randa Larasati kaget nalika sing ngenteni
sanes Pak Guru Jaka nanging Kang Dema.
Kang Dema ngejak randa larasati mulih menyang dukuhipun.
Wonten ing tengah dalan tiyang kalih menika kaget, amargi wonten hansip loro
jumeneng ing ngajenge. Lajeng Larasati lan Dema dipun-bekta dhateng kalurahan
dalu menika. Larasati kandha menawi isinipun layang menyang mas Guru menika
supados kang Dema purun ngrabi piyambakipun, lan purun mapag ing Tugu Garuda.
Dinten enjangipun swantenipun kluruk jago keprungu malih.
Dipu-padosi jago ingkang dados musibah ing dhusun. Sareng kepanggih, wonten
Agus lare wolung taunan dolanan jago-jagoan sesasi lan menek wit rambutan
cedhak blumbungan kulon griya.
Kapetik saka: Bunga Rampai Sastra
Jawa Mutakhir, J.J Ras.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar