PANCA
SUDA
Panca
Suda menika petangan kangge nyumerepi awon saenipun anjodhokaken jaler lan
estri, kapendhetaken saking neptuning dinten/pekenan wedalanipun.
Noptuning
dinten : Jumuah = 6, Setu = 9,
Akad = 5, Senen = 4, Selasa = 3, Rebu = 7, Kemis = 8.
Noptuning
pekenan : Legi (Pothakan) = 5, Paing
(abritan) = 9, Pon (Jeneyan) = 7, Wage (Cemengan) = 4, Kliwon (Manca Warna) =
8.
Menggah
lampahipun madoni pencasuda,wau makaten neptuning dinten pekenan wedalanipun
jaler lan estri ingkang badhe kajodhokaken wau dipundadosaken satunggal, lajeng
kasuda saking sadasa utawi saking pitu tirahipun boten kenging langkung saking
pitu : manawi kasuda saking sadasa, tirahipun langkung saking pitu, inggih
lajeng kasuda saking pitu angka tirahipun punika nedahaken kapanggihing
petangan
Upami
wedalanipun jaler lan estri punika Rebu Paing lan Kemis Pon neptuning dinten
pekenan kadadosaken satunggal (7+9+8+7), kapanggih 31. Angka 31 wau kasuda
saking 10 (10x3) tirah 1, dados petanganipun kapanggih 1 dhawah : Wasesa
sagara.
Upami
klempaking neptu wau kapanggih 28, punika manawi kasuda saking 10 kapanggih 8,
dados langkung saking 7, mila ingkang makaten punika lajeng kasuda saking 7
(28-7x3) 7, kapanggih : Lebu katiup ing angin.
Salajengipun
pratelan kapanggihing pancasuda kados inng ngandhap punika. Kaanggihing petangan
pancasuda yen tirah :
1. Wasesa
sagara. Watekipun : sugih pangapunten, jembar budinipun, saged amot ujar awon
sae, ageng prabawanipun.
2.
Tunggak
semi, watekipun : tansah cekap rijekinipun, sanadyan pinapras inggih kedah
thukul.
3.
Satriya
wibawa, watekipun : pikantuk mkamulyan tuwin kaluhuran.
4.
Sumur
sinaba, watekipun : dados pangungsening kapinteran.
5. Satriya
wiring, watekipun : nandhang duka cipta sarta kawirangan. Isarat panulakipun :
angedalaken rah, upaminipun : nyembelih ayam.
6. Bumi
kapetak, watekipun : petangan manah, nanging taberi ing damel. Kuwawi nandhang
lara-lara, resikan. Isarat panulakipun : mendhem siti.
7. Lebu
katiup ing angin. Watekipun : nandhang papa-cintraka, siyal sandhang
tedhanipun, samukawis pikajanganipun boten dados, kerep pindan griya ; isarat
panulakipun : ngabul-abul lebu.
kapetik saka : Kitab Primbon Qomarrullsyamsi Adammakna (Betaljemur Jilid VI)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar