DUKUN
ING KARANGDLIMA
R.
Hardjowirogo
Wonten dhusun mregil, tebih saking kitha, nanging kerep
dipundhatengi ing priyantun-priyantun kutha lan tiyng padusunan
kanan-keringipun. Inggih menika dhusun Karangdlima. Kapetang dhusun enggal
menika yasanipun Kyai Amadrawi, tiyang sepuh ingkang mungkul dhateng agami.
Kyai Amdrawi punika salugu tiyang neneka, sareng bebadra
wonten ing dhusun lajeng dipuntresnani tiyang, jalaran saking remen tetulung
menawi wonten tiyang suker-sakit, ambiyantu nyetiraken jampi, menawi wonten
tiyang kesripahan ambiyantu damel. Dangu-dangu Amadrawi dipunwastani dhukun.
Kyai Amadrawi tanpa kendat kedatengan tamu saking pundi-pundi, sami gadhah
perlu warni-warni, wosipun sami pados pitutur ingkang damel mareming manah.
Satunggaling dinten nalika Kyai Amadrawi linggih
piyambakan sumerep kaledangin tamu, menika Sujana. Sujana anggenipun sowan
wonten ing dalemipun Kyai Amad badhe nyuwun pangestu, amargi sageda kadhawahan
wahyu lurah dhusun. Boten namung menika, nanging wonten kajeng sanes yaiku
kapengin mengkoni anakipun Pak Surasentika namanipun Srikuning. Pak Surasentika
punika ingkang gadhah damel Bresih dhusun.
Kyai Amadrawi mireng ginemanipun Sujana ingkang wedalipun
seret wau, kraos ngeres ing manah. Lajeng ngandhani Sujana, yen piandeling wong
tua, jodho iku dudu gaweaning manungsa. Saya tinemune ing jaman saiki, jejodhon
iku, tumraping wong tuwa ora merdika temenan panguwasane menyang anak, iya ana
rasane gumantung menyang bocah kang arep anglakoni, iku iya luwih gawat.
Sujana tampi wewarahipun Kyai Amad wau, sanadyan namung
lugu rembag, inggih damel mareming manah, saha lajeng Sujana pamit wangsul.
Kyai Amad nyawang lampahipun Sujana ngantos tebih.
Kapetik saka: Bunga
Rampai Sastra Jawa Mutakhir, J.J Ras.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar