PRANATA KELUARGA
Kulawarga
inggih menika kelompok tiyang ingkang nggadhahi ikatan perkawinan, darah utawi
adopsi wonten ing satunggal griya. Ing kulawarga mesthinipun nggadhahi padatan
ingkang dipuntindakaken saben dinten salah satunggalipun inggih menika pranata
nalika dhahar. Nalika dhahar sampun dipuncawisaken wonten ing meja, tiyang
ingkang mundhut sepisan inggih menika tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh
ing kulawarga kadosta bapak, ancasipun tradisi menika dipuntindakaken inggih
menika kangge ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh.
Nalika saweg dhaharan sedaya sami
mendel, alat kangge dhahar lan tutuk sami mendel. Padatan masyarakat Jawa
ingkang sanes inggih menika nalika sampun pungkasan dhaharipun. Sesampunipun
dhahar, sendok ingkang dipunginakaken kangge dhahar kedah dipuntelungkupaken
lan nilika dhahar ampun ngantos tutukipun medal swantenipun. Menawi prananta
ingkang boten sae punika katindakaken, tiyang menika dipunanggep boten wonten
tata kramanipun.
Ing jaman samangke taksih kathah
tiyang ingkang nindakaken pranata kados mekaten. Tiyang ingkang boten nglampahi
padatan nalika dhahar ingkang sae dipunanggep kirang sopan lan boten ngurmati
tiyang ingkang langkung sepuh. Kulawarga ingkang dados media sepisanan ingkang
mbentuk solah bawanipun lare enem kedah nerapaken padatan menika saben dinten
supados dipuntiru kaliyan lare enem.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar