Raden Utara lan Raden Wratsangka nyuwun ijin kangge
ngadepi Resi Bisma. Wonten ing peperangan nglawan Resi Bisma, Raden Utara gugur
dening panah Begawan Drona, lan Raden Wratsangka gugur dening panah Prabu
Salya. Nalika prastawa menika, Raden Irawan gugur dening panah Prabu
Kalasrenggini ingkang badhe paring piwales dhumateng Arjuna. Resi Seta ingkang
magertos kedadean menika lajeng ngamuk ing peperangan lan damel kocar-kacir
barisan Bulupitu. Resi Seta gugur dening panah Sandang Walikat gadhahipun Resi
Bisma.
Prabu kresna inkang mangertos kalemahan Resi Bisma nyuwun
Dewi Srikandi supados dados senapati nglawan Resi Bisma. Dewi Srikandi majeng
ing peperangan nglawan Resi Bisma. Dewi Srikandi kalah, nanging piyambakipun
angsal bantuan saking sukma Dewi Amba. Dewi Srikandi ngeculaken panah pusaka
Sarotam lan ngenani Resi Bisma.
Kapetik saka : Katalog Festival
Dalang Dulongmas III
Tidak ada komentar:
Posting Komentar