ASAL - USUL DESA BALAMOA, KECAMATAN PANGKAH, KABUPATEN TEGAL
Nalika jaman biyen ing
salah sijine kerajaan yaiku kerajaan Pajang, ana rajane jeneng Sultan Hadi
Wijaya nduweni anak jenenge Pangeran Benowo. Awit cilik Pangeran Benowo wis
pikantuk ajaran Islam saka Sunan Kudus lan Sunan Kalijaga. Mula kuwi dheweke
nduweni sipat luhur lan becik.
Sawise dijumenengaken dadi putra mahkota, Pangeran Benowo
sipate bedha. Dheweke asring mendel awit saka gelar sing disandhange. Pangeran
Benowo urip bebas ing njaba kerajaan senenge, mula kuwi dheweke metu saka
kerajaan arep ngulandara. Sultan Hadi Wijaya ora nyangka yen anake bakal
nglakoni kuwi. Lajeng Sultan Hadi Wijaya ngutus para prajurit goleki Pangeran
Benowo.
Kanggo ngapusi para prajurit, Pangeran Benowo ganthi
jeneng dadi Ki Benawi lan gawe crita palsu yen dheweke kuwi wis mati. Kuwi sing
ndadikake makame Pangeran Benowo luwih saka siji. Cerita cekake, Pangeran
Benowo ngulandara kanthi tekan papan sing ana aki-aki lan nini-nini jenenge
Mbah Jinten lan Nyai Jinten. Amarga daerah iku akeh wit jinten.
Suwe-suwe Pangeran Benowo krasan lan urip karo Mbah lan
Nyai Jinten. Lajeng Pangeran Benowo diangkat dadi anake, Mbah lan Nyai Jinten
ora ngerti yen Pangeran Benowo kuwi putra mahkota saka kerajaan Pajang.
Pangeran Benowo lajeng ngucapaken tembung “Balamawa” tegese iki papan sing aku
karepaken. Saka tembung iku panggonan kuwi dijenengi “Balamoa”. Ora lali
Pangeran Benowo lan Mbah Jinten nyebaraken agama Islam ing daerah Balamoa.
Pangeran Benowo tilar donya taun 1684 lan dikubur ing
desa Balamoa ing jejere makam Nyai Jinten. Kanthi jaman saiki makam Pangeran
Benowo lan Nyai Jinten esih rame ditekani dening warga sekitar. Saben Muludan
ing sekitar makam dianakake pengajian lan adicara ngresiki pusaka-pusaka.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar