DIRASANI
ORA RUMANGSA
S.H. PUROSO
Dinten minggu wanci enjang, kutha Surakarta sampun
ketingal reja. Wonten ing kampung Danukusuman, ing sawijining omah kagunganipun
Bu Sastraprawita ketingal kenya saweg tenguk-tenguk nglangut angen-angenipun.
Jeneng kenya wau yaiku Nur Indrati keponakanipun Bu Sastraprawita saking
Sragen. Piyambakipun saweg menggalih bab layangipun Warsat ingkang keri wonten
Sragen.
Saking bangete anggenipun ngudarasa ngantos boten sumerep
menawa kancane yaiku swastini sampun ngantos ngajenge. Lajeng Nur Indrati
ngandharaken cariyosipun bab layang wau. Swastini maringi pamanggih menawi
layang menika boten usah dipun-wangsuli. Nanging Nur Indrati nyelani menawi
piyambakipun ingkang sampun dipun-pacangaken kaliyan Mas Kamdana, ajrih menawi
layang wau dipun-sumurupi dening Mas Kamdana. Swastini maringi pamanggih malih,
menawi ingkang sae kangge nyingkirake bebaya, uga ngiras-pantes alal-bihalalan
menyang Kranggan Kertasura.
Banjur kenya kekalih wau golek bis Jurusan Semarang,
lajeng budhal. Nembe mawon bis ingkang dipun-tumpaki dening Nur Indrati
mungkur, dhateng bis ingkang dipun-tumpaki dening Kamdana saking Sragen. Lajeng
Kamdana ngener wonten ing kampung patang-puluhan menyang salah sawijining
kancane yaiku Subanu.
Ing griyanipun Subanu dangu-dangu saking rembugan menika,
Kamdana nyuwun pirsa dhumateng Subanu babagan Warsat. Subanu ingkang sampun
tepung kaliyan Warsat menika ngandharaken watakipun Warsat. Lajeng saking
cariyosipun Subanu wau Kamdana maringi dudutan menawi Warsat menika tiyang
ingkang asor budhine. Cariyosipun Subanu mekaten wau dadosaken Kamdana boten
betah wonten mriku. Lajeng enggal-enggal nyuwun pamit dhumateng Subanu.
Saking griyanipun Subanu, Kamdana ngepit menyang
Sriwedari. Wonten ing loketan Kamdana milang-miling mbokmenawa Nur Indrati
ketingal wonten mriku. Bareng cetha boten wonten, Kamdana lajeng tumbas karcis
lan mlebet taman Sriwedari.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar