TRADISI KHATAMAN NUZULUL QUR'AN
Ana
ing desaku ing desa klipang blok Q Kecamatan Tembalang, Kota Semarang, ana
budaya ing sasi ramadhan. Sepisan ing sasi pasa, wong-wong remaja saben bengi
jam sanga bibar teraweh wajib ngaji, ora namung remaja nanging ibu-ibu kang wus
duwe anak uga melu ngaji. Saben sore ing sasi ramadhan, bocah-bocah cilik
sepantaran SD pada melu ngaji ana ing mushola. Sing ngajar para bapak-bapak.
Saben buka pasa, ana jajanan kang dibagiake ing para bocah cilik-cilik kang
melu ngaji. Ana bengi kang ngaji ibu-ibu uga ana panganan utawa snack lan
ombenan.
Saben
tanggal 17-22 ramadhan padhatane ana tradisi khataman al-Quran ing mushola blok
Q. Wong-wong remaja sing saben bengi ngaji padha khatama. Nanging bocah-bocah
cilik sing padha ngaji surat ad-dhuha dumugi surat an-nas. Ing pengajian kuwi
diundang pak ustad kang maringi pengajian. Ana ing khataman kuwi uga ana
panganane tumpeng, sayuran lan ayam kang dibagiake dadi hidangane tamu kang
diundang. Ora ana arti khusus kenapa kudu ayam lan kenapa kudu sega. Sing jelas
ana ing panganan kuwi diparingake marang sing pada teka.
Nganti
saiki isih pada digateake kebudayaan kang kaya mengkono kuwi mau. Saka remaja
lan bocah-bocah saka tahun ning tahun mesti nglakoni kebudayaan kuwi. Ora heran
mung klipang blok Q thok sing ana kebudayaan kaya mengkono.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar