TRADISI
NGUNGGAHAKE BLANDAR
Tradisi
ngunggahahe kayu blandar menika salah satunggaling tradisi wonten ing Dusun
Balamoa, Kecamatan Pangkah, Kabupaten Tegal. Tradisi menika wogati sanget
nalika wonten tiyang ingkang badhe mbangun omah. Kathah tata cara ingkang kedah
dipun-tindakake wonten ing tradisi menika kadosta migatosaken perlengkapan
ingkang badhe dipun-ginakaken. Perlengkapan ingkang kedah wonten yaiku sesaji
(juwadah pasar), wijil-wijilan, kupat, lepet, slendhang, pari, pring gading,
bendera. Wiwit ngunggahake blandar menika wayah sonten lan saderenge blandar
kedah dipun-kramasi dening tiyang ingkang gadhah griya. Toya ingkang
dipun-ginakaken kangge ngramasi menika toya kembang.
Saben
pojokan griya dipun-paringi sesajen, punar (beras kuning) ancasipun supados
tebih saking bebaya. Blandar wiwit dipun-unggahaken, ingkang sepisan blandar
dipun-unggahake dening suami istri dipun-biyantu para tukang. Nalika sedaya
blandar sampun dipun-unggahake, perlengkapan wau ingkang sampun dipuncawisaken
lajeng dibekta wonten nginggil blandar lan dipayungi.
Ing
wayah dalu, ingkang gadhah griya nindakake slametan kangge wujud syukur sampun
dipun-paringi rejeki kangge mbangun griya. Slametan ingkang dipun-tindakake
kados slametan ingkang padatan. Tangga teparo ingkang rawuh ing slametan
dipun-paringi nasi tumpeng.
Benjangipun
saderenge tukang wiwit damel, perlengkapan ingkang wau wonten nginggil
dipun-selehaken ngandhap. Lajeng para tukang dipun-sumanggakaken milih
perlengkapan ingkang badhe dipun-bekta griya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar