Senin, 01 Desember 2014

TUYUL



TUYUL
SOEDHARMA K.D

            Wonten pundi kemawon menawi sampun ngrembag bangsanipun lelembut mesthi banjur dados jinem. Wonten ing palenggahan lan katambahan dalu ingkang adem, wonten tiyang ingkang rembugan bab lelembut kangge nundhung raos resah, raos boten jenjem.
            Mas Rofii, Mas Wangsa, lan Mudi saweg jaga dhusun. Kahananipun tentrem, nanging menawi boten dilakoni mangka kebeneran wonten ingkang kelangan, dados saged disalahke. Nanging sejatosipun sami wegah. Dalu-dalu ingkang adem, kedah melek lan ngubengi dhusun. Mas Rofii ingkang miwiti guneman. Lajeng dipun-sambung kanca-kanca sanes. Guneman babagan ingon-ingon ingkang dipungadhahi dening griya sebelah kilen. Ngrembag bangsanipun klenik lan bangsanipun tahyul. Boten nate ngrembag bab gawean nanging ngrembag tuyul ingkang dipun-lajengaken. Mas Rofii menika sampun mangertos manwi griya ingkang sebelah kilen gadhah ingon-ongon saking kandhanipun tiyang estri-estri. Miturut tiyang estri, nalika wonten pasar, kathah ingkang kelangan arta.
            Kandha dilajengaken ngrembag tiyang ingkang dipun-timbali Mas Guru griyanipun kilen kali, piyambakipun miturut para tiyang nate nyepeng tuyul. Sedaya namung sami mesem. Saking cariyos bab bocah sekolah ingkang asring kelangan arta. Boten namung bocah sekolah, nangin sampun kathah korbanipun. Sampun dangu anggenipun ngrembag bab tuyul. Mas Rofii ingkang kandha lajeng dipun-celaki dening Madi.
            Boten kraos jago sampun kluruk. Sedaya ingkang jaga sami wangsul. Kahanan adem kang rumasuk njalari balung sami keju liru. Enjangipun kula boten saged tilem, lajeng mara dhateng griyanipun Mas Guru pitaken bab tuyul.


Kapetik saka: Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir,  J.J Ras

Tidak ada komentar:

Posting Komentar