Kamis, 18 Desember 2014

SENENG GAWE PEKARA



SENENG GAWE PERKARA
Anik Sasi Kirana

J
enengku Laras, lengkape Laras Sati. Aku saiki kelas 2 SMK Jurusan Manajemen Akuntansi ing Banyumas. Ing sekolah aku melu extrakurikuler pramuka. Wayah balik pramuka dina Sabtu sore hawane panas lan kesel banget awakku. Ngenteni Bapak sing ora teka-teka anggone njemput. Ora let suwe, kancaku sing jenenge Sanjaya lan Rohman mara nyedhaki aku.
“Ngapa neng kene, ra cepet balik?” Pitakonane Sanjaya.
“Laras ngenteni Bapak, nanging nganti saiki durung jemput.” Wangsulanku karo mesem-mesem.
Sanjaya bocah paling nggantheng ing sekolah lan akeh sing ngidolakake. Aku, yaiku Laras salah siji bocah sing naksir marang Sanjaya. “Laras lan Sanjaya kuwi bakal dadi the best couple.” Mangkono kandhane kancaku, Ratna jenenge. Sanjaya uga tau ngomong marang Ratna, yen dheweke naksir karo aku.
“Ya wis tak kancani aku lan Rohman ya.” Kuwi kandhane Sanjaya sing gawe atiku seneng banget.
Aku, Sanjaya lan Rohman ana ing pendhopo sekolah kandha-kandhahan lan dolanan game online ing laptope Rohman. Lagi asik anggone dolanan, Sanjaya ditelpon dening ibune dikon cepet balik omah amarga motore arep dienggo. Sawise Sanjaya balik, aku nyilih laptop sing dienggo dolanan kanggo mbukak facebook. Nanging nalika mbukak facebook, ana facebook-e Sanjaya sing durung ditokake. Aku lan Rohman penasaran karo isi inbox-e.
Aku kaget banget nalika mbukak facebook  iku, amarga isine ngenani  chating-e Sanjaya karo cah-cah wadon. Omongane Sanjaya sing dheweke kuwi naksir aku, jebule ora mung kanggo aku nanging kanggo cah-cah wadon liya uga ngomong mangkono. Ana maning isi inbox sing aku gumuni, yaiku bab chatinga-e karo cah wadon sing tak kira dudu kanca maning nanging wis pacaran.
“Sakitnya tuh di sini...” Rasaku lara banget karo ngelus dada.
“Sing sabar ya Laras, aku uga lagi ngerti nek kelakuane Sanjaya mangkono.” Tembunge Rohman sing ngadhem-adhemi aku.
Aku wis dijemput dening Bapak. Tekan omah aku langsung mlebu kamar.
Kring... hpku moni ana sms saka Sanjaya. wis padatan Sanjaya sms aku.
“Mpun wangsul...?”
“Sampun.”
“Saweg  nopo?”
“Laras gumun marang Sanjaya.”
“Lha ngapa?”
“Laras mau mbukak facebook-e Sanjaya, ternyata Sanjaya wis duwe pacar. Sanjaya ngapusi Laras, wingi-wingi ngomonge ora duwe.”
“Heh,,, lha Laras kok mbukaki privasine wong. Ora sopan banget. Urung dadi apa-apane bae wis kaya ngono. Kowe wis ngerti kelakuanku, saiki wis karepe kowe arep kepriwe maning marang aku.”
Maca sms iku aku nangis, aku lagi sadar nek kelakuanku ya salah wis mbukaki privasine wong nanging aku ya malah dadi ngerti sifate Sanjaya sing asline.
Sesuke ing sekolah. Sanajan ora sakelas karo Sanjaya, aku ketemu dheweke ing kantin wayah istirahat. Sanjaya bedha banget karo adat saben, katon banget yen dheweke nesu karo aku. Ora omongan lan ora smsan. Aku uga wis njaluk ngapura, nanging ora ana wangsulan. Yen kumpul-kumpul pramuka ya ora tau omongan. Aku ya mung bisa meneng, nyadar yen aku dudu sapa-sapane lan wis gawe salah.
Telung minggu bar gawe perkara iku. Nalika ing kelas wayah istirahat, aku lan kanca-kanca gojekan. Adi, salah siji kancaku sing lagi dolanan hp. Niatku gojekan njukut hp sing lagi dicekel Adi lan tak bukaki isi hpne.
“Gawa mrene cepet hpku!” Adi kesuh marang aku, nada omongane wis bedha. Nanging aku ora nggagas. Tanganku dicekel kenceng banget, enggal-enggal Adi njukut hp sing tak cekel aku. Wis katon yen Adi kesuh karo aku lan lunga metu saka kelas.
Durung bubar perkara sing wingi-wingi karo Sanjaya wis ditambah maning Adi saiki kesuh marang aku. Tak pikir-pikir aku iki kok senenge gawe perkara.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar