BALADEWA TANDHING
Baladewa kuwi ratu ana ing Mandura.Adhine jenenge Narayana. Baladewa duwe patih sing jenenge Praguta, kuwi wongepatuh karo apa sing dikongkon dening ratune. Kala kuwi ora dinyana lan dudusing dikarepake atine, Baladewa dadi ratu sing dipercaya nyekel paprentahan ingMandura saka kersane para kawula. Sanajan dudu sing dikarepake nanging Baladewakudu nrima lan kudu bisa dadi ratu sing diajeni rakyate.
Baladewa iki pancen ratu sing bisadadi patuladhan dening rakyate, titahe kang dadi panutan para kawulaMandura. Kaya dene wit-witan sing tuwuhwae, angin sing sumilir mbiyak godhong-godhong sing lagi meneng kuwi ugi tansah manut marang apa singdikarepake Baladewa.
Sawijining dina nalika pithik-pithikpada ngoceh, srengenge esih sungkan melek. Patih sing tansah manut karo ratuneyaiku Praguta, lagi karo Baladewa ngrembag lungane Narayana sing ora pamit wispirang-pirang dina kuwi. Kaya lintangsing kilangan sorote wulan, atine baladewa sing kepengin ketemu karo Narayana. Pikiranewis ngramba-ngramba bebas lan ora cetha kaya kewan sing urip ana ing alas goletpangan sakepenake. Manuk sing mabur ora duwe arah lan tujuane namungmuter-muter gawe mumet. Kaya kapuk sing kegawa angin mrana-mrene ora karuan.
Iki sing lagi ana ing pikiraneBaladewa. Wis nganti kepikiran yen adhine dhewe yaiku Narayana, lunga aja-aja merikaro Baladewa sing dijumenengke dadi ratu ing Mandura. Nanging dening Praguta,patih sing wis dadi tangan tenene Baladewa sedhelat gawe bungahing atineratune. Omongane Praguta sing njlentrehake bab Narayana lunga ora merga merimarang kakange, nanging lunga merga arep golek kamukten dhewe, uga orangarep-arep lerene Baladewa. Omongan mengkono kuwi sing gawe atine Baladewarada ayem, lega lan wis krasa dadi ratu sing sejati awit ngerti tujuaneNarayana lunga.
Srengenge mesem marang tanduran singesih padha kademen dening kabut sing malih dadi banyu, pithik-pithik isin-isinmetu kandhang arep golek panguripan saka Dewi Sri. Mbarengi tekane Batharanarada marang Mandura sing ora biasane kuwi. Bathara siji iki seneng guyonnanging wagu, ananging wagu malah dadi sodakoh marang liyan. Gawe seneng atinewong sing neng cedhake. Bisa malihke kahanan sing surem dadi tentrem.
Bathara Narada mbabaraken tekaneneng Mandura. Prelune Bathara Narada yaiku arep ketemu karo Narayana, adhineBaladewa. Nanging apa sing dikarepake dening Bathara Narada ora katekan, singdigoleki malah ora ana ing Mandura. Baladewa mratelakake marang Bathara Naradayen Narayana kuwi wis lunga saka Mandura suwe nanging ora pamit. Kanthi gumunlan pikiran ora genah Bathara Narada krungu apa sing dicritani Baladewa.
Kahanan ing Mandura dadi ora kayabiasane, manuk-manuk sing awit mau padha rame cumriwis meneng kabeh nalika BatharaNarada ora tenang atine lan wis mikir kanthi tekan apa iya Narayana kuwikelakon dijak dening para buta neng Dwarawati. Terus Bathara Narada nyritakaketujuane ketemu Narayana. Dheweke arep ngongkon Narayana kon ngrewangi para Dewasing sajake ora bisa perang, nanging tiwas arep nglawan Yudhakalakresna.Yudhakalakresna kuwi arep njaluk panguwasan kahyangan Junggring Salaka nangingpara Dewa ora setuju.
Manuk-manuk pating cumriwis ramepadha gawe susuh, wara-wiri golet damen nalika para kawula panen pari. Anginsing nabrak godhong-godhong gawe padha jogedan. Banyu sing pating gumrujug sakagunung-gunung sing dhuwur tiba gawe tembangan sing nentremake ati. Baladewasing gagah pawakane kanthi tegas nyedhaki Bathara Narada lan ngomong dhewekesaguh yen dikon nggantikake Narayana maju perang mungsuh karo Yudhakalakresnasaka Dwarawati.
Swara manuk, godhong sing padhajejogedan, tembangan saka banyu sing gumrujug, langsung padha meneng krungu apasing diomongake dening Baladewa sing arep maju perang, kahanan dadi kayapesarean sing singit. Nanging kahanan kuwi sedhela engkas ubah maneh kaya singmaune nalika Bathara Narada ugi ngein pangestune marang Baladewa sing arepmangkat perang nggantikake Narayana.
Sawise oleh pangestu saka BatharaNarada, Baladewa nyiapake apa kabeh sing perlu digawa perang. Ora lalinyepakake para prajurit sing arep melu perang. Baladewa ngongkon Perbawa singwis kulina ngatur gelare baris perang. Barisan perang sing sajake kaya barisansemut-semut sing arep boyong gawa endhog wara-wiri mlaku kaya wit sing padhajejer-jejer ana ing pinggiran Mandura. Ora asal mlaku nanging ana sing dadipatokan ning ngarep barisan, manut apa sing diprentahke.
Bareng karo nyiapake perang, paraprajurit sibuk ngatur barisan, Baladewa lan Praguta ketemu karo wanara putih.Wanara sing duwe wulu sing putihe kaya banyu susu, ngenalake awake dhewe.Jenenge Anoman, anake Bathara Guru lan Dewi Anjani. Barang krungu Baladewa lanPraguta pikirane dadi ngramba-ambra. Sanajan anake Bathara nanging Anoman ikiora gelem urip ana ing kahyangan, malah krambangan ing donya.
Anoman iki sajake pancen wis duwewatak kaya ngono, ora gelem aji mumpung merga anake Bathara. Baladewa lanPraguta nganti gumun. Kahanan sing tentrem ana ing Mandura, mbarengi ocapaneAnoman sing ngutarakake tujuane teka marang Negara sing dipimpin dening ratuBaladewa. Apa sing dikarepake padha karo Bathara Narada, Anoman kuwi arepketemu Narayana. Narayana kuwi titisane Bathara Wisnu, Anoman arep urip yensesandhingan karo Bathara Wisnu mula kuwi golek Narayana.
Baladewa ngomong apa anane, ngomongyen Narayana ora ana ing Mandura. Lagi lunga nanging lungane ora pamit. Wayahiki Bathara Narada lagi ngupaya Narayana nganti ketemu. Sawise njlentrehakekuwi kabeh, Baladewa ngomong marang Anoman yen dheweke arep njaluk tulung,babagan Anoman sedya apa ora maliki Narayana kon didadekke jagone Dewa nglawanYudhakalakresna saka Dwarawati. Ora kanthi suwe anggone Anoman mikir, Anomansaguh yen arep didadekke jagone para Dewa. Jaman biyen Anoman pernah nantangBimbong Senopati Selogiri.
Petenge langit, bledheg sing swaranekaya mecah langit nandakake yen wayah tanding arep wiwit. Anoman sing dadijagone para Dewa maju dhisik tandhing karo Yudhakalakresna, ratu sakaDwarawati. Srengenge wae wis wedi karo kahanan iki ora wani wani nyorotipetenge donya nalika perang mulai lan Baladewa maju perang tandhing karoYudhakalakresna.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar