Kamis, 04 Desember 2014

GURIT BOCAH PINGGIR KALI



Gurit Bocah Pinggir Kali
Wis kokcipta kraton emas nganggo pang-pang garing
perangan mbaka perangan sinusun banget antik
coba delengen, endi sing kurang sampurna
kandhamu marang angin,
kori modhel plengkung mesjid demak
cakrik sinuwun kraton pajang dhuwure
O, dhuwure samecrit menara kudus
banjur kowe ngentha pepajangan mawi reroncen kembang
kandhamu kanggo mahargya praptane putri ayu
sapa ngerti kober ninggali salembar esem kenangan
kanggo pawitan ndhedher winih
saplinthi rasa warisane jaka tarub

Ambal Kebumen, Maret 1992
(Panjebar Semangat, No. 17 – Tanggal 24 April 1993)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar