ARUH-ARUH TIYANG NALIKA KEPANGGIHAN
Pranata masyarakat Jawi boten namung
wonten ing kulawargi. Wonten pranata kangge sesrawungan kaliyan tiyang sanes.
Padatan menika inggih menika babagan salam utawi nyapa nalika kepanggih. Tiyang
ingkang sepisanan nyapa padatanipun tiyang ingkang lakung enem. Ancasipun
tradisi menika kangge ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh.
Ukara ingkang dipunginakaken kangge
nyapa kadosta “mangga” lan “nuwun sewu” utawi awakipun dipunbungkukaken nalika
lewat in sangajenipun tiyang. Sapaan-sapaan menika dipunterapaken masyarakat
Jawi ing sesrawungan saben dinten.
Nanging nalika mirsani perkembangan
jaman samangke, padatan menika sampun luntur. Sepalih tiyang ingkang taksih
nindakaken padatan menika. Tiyang enem nalika kepanggih kaliyan tiyang sepuh
namung sami mendel utawi ethok-ethok boten tepang. Kebiasaan boten sae menika
sampun boten nyerminaken mingka tiyang Jawi.
Sanget perlu padatan menika
dipuntuwuhaken malih wonten ing masyarakat. Tiyang ingkang sepuh kedah maringi
tuladha ingkang sae kangge tiyang ingkang langkung enem supados nalika
kepanggihan boten sami mendel.