Rabu, 24 Desember 2014

PRANATA SOSIAL BUDAYA



ARUH-ARUH TIYANG NALIKA KEPANGGIHAN
 
            Pranata masyarakat Jawi boten namung wonten ing kulawargi. Wonten pranata kangge sesrawungan kaliyan tiyang sanes. Padatan menika inggih menika babagan salam utawi nyapa nalika kepanggih. Tiyang ingkang sepisanan nyapa padatanipun tiyang ingkang lakung enem. Ancasipun tradisi menika kangge ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh.
            Ukara ingkang dipunginakaken kangge nyapa kadosta “mangga” lan “nuwun sewu” utawi awakipun dipunbungkukaken nalika lewat in sangajenipun tiyang. Sapaan-sapaan menika dipunterapaken masyarakat Jawi ing sesrawungan saben dinten.
            Nanging nalika mirsani perkembangan jaman samangke, padatan menika sampun luntur. Sepalih tiyang ingkang taksih nindakaken padatan menika. Tiyang enem nalika kepanggih kaliyan tiyang sepuh namung sami mendel utawi ethok-ethok boten tepang. Kebiasaan boten sae menika sampun boten nyerminaken mingka tiyang Jawi.
            Sanget perlu padatan menika dipuntuwuhaken malih wonten ing masyarakat. Tiyang ingkang sepuh kedah maringi tuladha ingkang sae kangge tiyang ingkang langkung enem supados nalika kepanggihan boten sami mendel.

TRADISI KHATAMAN NUZULUL QUR'AN



TRADISI KHATAMAN NUZULUL QUR'AN

Ana ing desaku ing desa klipang blok Q Kecamatan Tembalang, Kota Semarang, ana budaya ing sasi ramadhan. Sepisan ing sasi pasa, wong-wong remaja saben bengi jam sanga bibar teraweh wajib ngaji, ora namung remaja nanging ibu-ibu kang wus duwe anak uga melu ngaji. Saben sore ing sasi ramadhan, bocah-bocah cilik sepantaran SD pada melu ngaji ana ing mushola. Sing ngajar para bapak-bapak. Saben buka pasa, ana jajanan kang dibagiake ing para bocah cilik-cilik kang melu ngaji. Ana bengi kang ngaji ibu-ibu uga ana panganan utawa snack lan ombenan.
Saben tanggal 17-22 ramadhan padhatane ana tradisi khataman al-Quran ing mushola blok Q. Wong-wong remaja sing saben bengi ngaji padha khatama. Nanging bocah-bocah cilik sing padha ngaji surat ad-dhuha dumugi surat an-nas. Ing pengajian kuwi diundang pak ustad kang maringi pengajian. Ana ing khataman kuwi uga ana panganane tumpeng, sayuran lan ayam kang dibagiake dadi hidangane tamu kang diundang. Ora ana arti khusus kenapa kudu ayam lan kenapa kudu sega. Sing jelas ana ing panganan kuwi diparingake marang sing pada teka.
Nganti saiki isih pada digateake kebudayaan kang kaya mengkono kuwi mau. Saka remaja lan bocah-bocah saka tahun ning tahun mesti nglakoni kebudayaan kuwi. Ora heran mung klipang blok Q thok sing ana kebudayaan kaya mengkono.

Minggu, 21 Desember 2014

PANCA SUDA



PANCA SUDA

            Panca Suda menika petangan kangge nyumerepi awon saenipun anjodhokaken jaler lan estri, kapendhetaken saking neptuning dinten/pekenan wedalanipun.
Noptuning dinten            : Jumuah = 6, Setu = 9, Akad = 5, Senen = 4, Selasa = 3, Rebu = 7, Kemis = 8.
Noptuning pekenan         : Legi (Pothakan) = 5, Paing (abritan) = 9, Pon (Jeneyan) = 7, Wage (Cemengan) = 4, Kliwon (Manca Warna) = 8.
            Menggah lampahipun madoni pencasuda,wau makaten neptuning dinten pekenan wedalanipun jaler lan estri ingkang badhe kajodhokaken wau dipundadosaken satunggal, lajeng kasuda saking sadasa utawi saking pitu tirahipun boten kenging langkung saking pitu : manawi kasuda saking sadasa, tirahipun langkung saking pitu, inggih lajeng kasuda saking pitu angka tirahipun punika nedahaken kapanggihing petangan
            Upami wedalanipun jaler lan estri punika Rebu Paing lan Kemis Pon neptuning dinten pekenan kadadosaken satunggal (7+9+8+7), kapanggih 31. Angka 31 wau kasuda saking 10 (10x3) tirah 1, dados petanganipun kapanggih 1 dhawah : Wasesa sagara.
            Upami klempaking neptu wau kapanggih 28, punika manawi kasuda saking 10 kapanggih 8, dados langkung saking 7, mila ingkang makaten punika lajeng kasuda saking 7 (28-7x3) 7, kapanggih : Lebu katiup ing angin.
            Salajengipun pratelan kapanggihing pancasuda kados inng ngandhap punika. Kaanggihing petangan pancasuda yen tirah :
1.    Wasesa sagara. Watekipun : sugih pangapunten, jembar budinipun, saged amot ujar awon sae, ageng prabawanipun.
2.      Tunggak semi, watekipun : tansah cekap rijekinipun, sanadyan pinapras inggih kedah thukul.
3.      Satriya wibawa, watekipun : pikantuk mkamulyan tuwin kaluhuran.
4.      Sumur sinaba, watekipun : dados pangungsening kapinteran.
5.  Satriya wiring, watekipun : nandhang duka cipta sarta kawirangan. Isarat panulakipun : angedalaken rah, upaminipun : nyembelih ayam.
6.   Bumi kapetak, watekipun : petangan manah, nanging taberi ing damel. Kuwawi nandhang lara-lara, resikan. Isarat panulakipun : mendhem siti.
7.  Lebu katiup ing angin. Watekipun : nandhang papa-cintraka, siyal sandhang tedhanipun, samukawis pikajanganipun boten dados, kerep pindan griya ; isarat panulakipun : ngabul-abul lebu.

kapetik saka : Kitab Primbon Qomarrullsyamsi Adammakna (Betaljemur Jilid VI)

PRANATA KELUARGA



PRANATA KELUARGA
 
Kulawarga inggih menika kelompok tiyang ingkang nggadhahi ikatan perkawinan, darah utawi adopsi wonten ing satunggal griya. Ing kulawarga mesthinipun nggadhahi padatan ingkang dipuntindakaken saben dinten salah satunggalipun inggih menika pranata nalika dhahar. Nalika dhahar sampun dipuncawisaken wonten ing meja, tiyang ingkang mundhut sepisan inggih menika tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ing kulawarga kadosta bapak, ancasipun tradisi menika dipuntindakaken inggih menika kangge ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh.
            Nalika saweg dhaharan sedaya sami mendel, alat kangge dhahar lan tutuk sami mendel. Padatan masyarakat Jawa ingkang sanes inggih menika nalika sampun pungkasan dhaharipun. Sesampunipun dhahar, sendok ingkang dipunginakaken kangge dhahar kedah dipuntelungkupaken lan nilika dhahar ampun ngantos tutukipun medal swantenipun. Menawi prananta ingkang boten sae punika katindakaken, tiyang menika dipunanggep boten wonten tata kramanipun.
            Ing jaman samangke taksih kathah tiyang ingkang nindakaken pranata kados mekaten. Tiyang ingkang boten nglampahi padatan nalika dhahar ingkang sae dipunanggep kirang sopan lan boten ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh. Kulawarga ingkang dados media sepisanan ingkang mbentuk solah bawanipun lare enem kedah nerapaken padatan menika saben dinten supados dipuntiru kaliyan lare enem.

WATEK ING TEMBANG MACAPAT

1) Pocung, watake kendho tanpa greget. Cocok kanggo pasemon utawi medhar piwulang becik.

a. Pocung Pasemon
images (34)

b. Pocung Piwulang Becik
images (25)
2) Gambuh, watake rumaket, kulina, wanuh, wani. Cocok kanggo pasemon medhar pitutur kang rada sereng, jalaran antarane sing mituturi lan sing dituturi wis rumaket kulina.

images (31)
3) Durma, watake galak, jengkel, murina, nesu, muring, sereng. Cocok kanggo pasemon ngetokake unbeg2ing ati kang nembe nbesu, muring, jengkel, sereng, uga kanggo pasemon crita perang.


images (18)
4) Mijil, watake wedharing rasa pangrasaning ati. Cocok kanggo pasemon crita kang ngemu pitutur, lan uga cocok kanggo tembang ngungrum (gandrung).

images (32)
5) Sinom, watake grapyak semanak nanging wekasane asring dadi sereng jalaran ora kalegan karepe. Cocok kanggo pasemon paring pitutur kang sereng utawa kanggo crita tantang-tinantang.

sinom
6) Pangkur, watake sereng, kekarepan kang ora gampang nglokro/kemba. Cocok kanggo pasemon paring pitutur kang rada sereng.

images (30)
7) Kinanthi, watake seneng, asih lan tresna. Cocok kanggo pasemon pitutur kanthi rasa tresna utawa kanggo crita katresnan.

unduhan (5)
8) Asmaradana, watake sengsem, seneng, sedhih, prihatin. Cocok kanggo pasemon crita2 kasmaran lan kasedhihan.

unduhan (8)
9) Dhandhanggula, watake luwes lan ngresepake. Cocok kanggo pasemon paring piwulang, waosan wungon lan kidungan.

unduhan (7)
10) Maskumambang, watake sedhih, susah, nelangsa, kelara-lara. Cocok kanggo pasemon crita sedhih nelangsa.

unduhan (6)
11) Megatruh (Dudukwuluh), watake sedhih, susah, nglokro. Cocok kanggo crita lelakon susah lan kanggo ngemot pitutur ngelmu kebatinan tataran dhuwur.

images (15)

sumber : https://sabdadewi.wordpress.com/tembang-macapat/

BISMA GUGUR



BISMA GUGUR

            Dinten pertama Perang Baratayuda, Resi Bisma dados senapati utama kanthi senapati pangapit Begawan Drona lan Prabu Salya. Nalika pasukan Pari Bulupitu (Kurawa) panggih kaliyan pasuka saking Gupalawiya (Pandawa), samenika arjuna sadar nalika ingkang dados lawan menika para pepunden piyambak. Arjuna pingsan. Mangertos kedadean menika, Prabu Kresan maringi Arjuna wejangan babagan dharma.
            Raden Utara lan Raden Wratsangka nyuwun ijin kangge ngadepi Resi Bisma. Wonten ing peperangan nglawan Resi Bisma, Raden Utara gugur dening panah Begawan Drona, lan Raden Wratsangka gugur dening panah Prabu Salya. Nalika prastawa menika, Raden Irawan gugur dening panah Prabu Kalasrenggini ingkang badhe paring piwales dhumateng Arjuna. Resi Seta ingkang magertos kedadean menika lajeng ngamuk ing peperangan lan damel kocar-kacir barisan Bulupitu. Resi Seta gugur dening panah Sandang Walikat gadhahipun Resi Bisma.
            Prabu kresna inkang mangertos kalemahan Resi Bisma nyuwun Dewi Srikandi supados dados senapati nglawan Resi Bisma. Dewi Srikandi majeng ing peperangan nglawan Resi Bisma. Dewi Srikandi kalah, nanging piyambakipun angsal bantuan saking sukma Dewi Amba. Dewi Srikandi ngeculaken panah pusaka Sarotam lan ngenani Resi Bisma.


Kapetik saka : Katalog Festival Dalang Dulongmas III