Rembulan
Rembulan ing dhadha langit kae
rambute nglawer tekan dhadhaku
apa sliramu ngerti rembulan liyane
si tangan alus sing banget wasis ngracik
jamu?
anggur, kencur,
apadene bratawali
pupur, gincu,
lan esem panjiret ati
apa kudu dituku
ing lokalisasi
dipondhong cara
putri dililing kaya bayi
kangmangka
prauku isih sendhen ing dermagamu, sri?
upama kudu
digadhe pira tebusane
yen dituku pira
regane
bakal tak
sembadani waton dudu wujud bandha donya
rerangken
lamaran ora nganggo raja brana
tumurana,
tumurana
dimen rembulan
kae gelem leledhang ing taman
selagine aku
isih kongang nyipta guritan
rembulan kekalang ing njero dhadha
sunare nyipta esem sadawane mangsa
Ambal Kebumen, Juli 2000
(Jaya Baya, No. 1 – tanggal 3 September 2000)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar