PANDAWA
DADU
Raden
Bratasensa, Raden Arjuna, Nakula, lan Sadewa maringi saran dumateng Prabu
Puntadewa supados boten rawuh ing undangan saking Prabu Duryudana ingkang badhe
ngadakaken dolanan dadu, amargi sampun kathah muslihat saking Kurawa lan Patih Sangkuni
ingkang badhe damel cilaka dhumateng Pandawa. Prabu Puntadewa ingkang nggadhahi
watek boten nate ngganggep musuh tiyang sanes lajeng purun rawuh wonten ing
undangan menika.
Nalika dolanan dadu badhe dipun wiwiti, Resi Bisma,
Begawan Drona, lan Prabu Karna ngraosaken gelagat kirang sae saking Kurawa
lajeng medal saking ruangan. Ngangge tipuan saking Patih Sangkuni ingkang
nindakaken dadu, Pandawa kalah. Pandawa kedah nglampahi ukuman wanaprasta 12
taun, ditambah 1 taun kedah ngumpet wonten ing kutha ageng. Menawi ngumpetipun
Pandawa dipunmagertosi kaliyan Kurawa, Pandawa kedah ngambali malih ukuman
menika saking awal. Nalika Pandawa saged, salajengipun sedaya Indraprasta lan
jajahanipun badhe dipunparingaken malih kaliyan Pandawa.
Dewi Drupadi minangka bagiyan saking Indraprasta ndherek
narima tumindak ala saking Kurawa. Miturut perintah saking Prabu Duryudana,
Raden Dursasana njambak gulungipun Dewi Drupadi ngantos ucul. Raden Dursasana
ugi badhe damel Dewi Drupadi wuda kanthi narik sinjangipun Dewi Drupadi.
Nanging, amargi angsal anugrah saking Batara Darma, sinjangipun Dewi Drupadi
boten ucul-ucul ingkang damel Raden Dursasana sayah. Saking prastawa menika,
Dewi Drupadi nggadhahi sumpah boten badhe kramas kajaba kramas ngangge
getihipun Dursasana.
Para Pandawa lan Dewi Drupadi medal saking Hastinapura
dan nglampahi ukuman menika. Nanging sanajan makaten, Patih Sangkuni taksih
gadhah kapenginan badhe damel sirna Pandawa. Patih Sangkuni ndhawuhi Prabu
Kirmina, putra Prabu Baka saking Ekacakra kangge males pejahipun Prabu Baka.
Nanging Prabu Kirmina piyambak pejah dening Raden Werkudara.
Kapetik saka : Katalog Festival
Dalang Dulongmas III
Tidak ada komentar:
Posting Komentar