Kamis, 27 November 2014

KABAR SAKA BANTARANGIN : PRO MITRAKU MEYZAROH

Kabar Saka Bantarangin : pro mitraku meyzaroh

Nganti tumekane lingsir wengi iki
manjing jroning pangangen
tekamu isih dakrantu, nimas
lungamu isuk mau tanpa dluwang sasuwek
lan salarik ukara
ora ana tembung kang kacecer ing
ing sisane patembayan iki
apa bantarangin isih ana paperangan
mbabar lakone sri kelana sewadana klawan
singa barong
yagene ora ana swara kang kumecap
ing pojok-pojok kutha tansaya sepi
nyisakake lampu-lampu ratan kang isih
gumebyar
apa prawan desa wis bali menyang patorone
nyatane rembulan tanggal limalas isih ndhadhari
mandhangi plataran bawera
nimas,
wengine mrambat saya alon
apa wengi iki bakal ngambah pawon
merga karpet abang wis dakgelar ana senthong
kanggo ngrantu tekamu.
Gayuh R. Saputra
(Panjebar Semangat, No. 43 – Tanggal 25 Oktober 2014)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar