Aku Kangen
Marang dhalang,
aku kangen trampil sabetane
marang sindhen,
aku kangen cengkok swarane
marang niyaga,
aku kangen gumyak surake
marang gamelan,
aku kangen ngrangin kumandhange
marang wayang,
aku kangen eklas sumarahe
marang blencong,
aku kangen langgeng uripe
marang panggung,
aku kangen ndhuwur kuncarane
aku kangen
marang dhalang ngrapal jantur!
aku kangen
marang sindhen nglaras langgam!
aku kangen
marang niyaga pesta senggak!
aku kangen
marang gamelan asung gendhing!
aku kangen
marang wayang ngrengkuh lakon!
aku kangen
marang blencong murub wahyu!
aku kangen
marang panggung nyipta kodhang!
Ambal Kebumen, Nopember 1991
(Djaka Lodang, No. 1050 – Tanggal 31 Oktober 1992)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar