Tampilkan postingan dengan label CARIYOS WAYANG. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label CARIYOS WAYANG. Tampilkan semua postingan

Minggu, 21 Desember 2014

BISMA GUGUR



BISMA GUGUR

            Dinten pertama Perang Baratayuda, Resi Bisma dados senapati utama kanthi senapati pangapit Begawan Drona lan Prabu Salya. Nalika pasukan Pari Bulupitu (Kurawa) panggih kaliyan pasuka saking Gupalawiya (Pandawa), samenika arjuna sadar nalika ingkang dados lawan menika para pepunden piyambak. Arjuna pingsan. Mangertos kedadean menika, Prabu Kresan maringi Arjuna wejangan babagan dharma.
            Raden Utara lan Raden Wratsangka nyuwun ijin kangge ngadepi Resi Bisma. Wonten ing peperangan nglawan Resi Bisma, Raden Utara gugur dening panah Begawan Drona, lan Raden Wratsangka gugur dening panah Prabu Salya. Nalika prastawa menika, Raden Irawan gugur dening panah Prabu Kalasrenggini ingkang badhe paring piwales dhumateng Arjuna. Resi Seta ingkang magertos kedadean menika lajeng ngamuk ing peperangan lan damel kocar-kacir barisan Bulupitu. Resi Seta gugur dening panah Sandang Walikat gadhahipun Resi Bisma.
            Prabu kresna inkang mangertos kalemahan Resi Bisma nyuwun Dewi Srikandi supados dados senapati nglawan Resi Bisma. Dewi Srikandi majeng ing peperangan nglawan Resi Bisma. Dewi Srikandi kalah, nanging piyambakipun angsal bantuan saking sukma Dewi Amba. Dewi Srikandi ngeculaken panah pusaka Sarotam lan ngenani Resi Bisma.


Kapetik saka : Katalog Festival Dalang Dulongmas III
 

DURYUDANA GUGUR

DURYUDANA GUGUR
 
Pandhwa Mandhalayudha. Prabu Puntadewa isih lenggah ana ing  pendapa kaliyan prabu Matswapati lan Prabu Kresna. Prabu puntadewa celathu marang eyang baginda Matswapati yen saiki ora ana rasa sedih sing kedadayen kaya ngene. Saben perang baratayudha mesti menang. Nanging menange perang wis dituku karo tibane tawur para sedulur, wong tua, guru, lan kabeh wong sing wis sapantese di kemukten saka prabu Puntadewa.puncake dina iku tangane prabu puntadewa nganterake uwa prabu salya marang tepet suci.
Secilik udud ledu, prabu puntadewa ora ngira yen obahe tangane bakal dadi lungane uwa mandaraka. Krungu apa sing diomongke prabu puntadewa kuwi mau wis dipahami dening prabu matswapati. Prabu puntadewa banget teguhe njekel kesucian awake dhewe. Pancen sing wis kedadeyan marang trah matsya.  Puntadewa nyuwun marang prabu kresna bareng-bareng mbimbing sedulure yaiku pandhawa,kanggo nggoleti panggonane prabu Duryudhana amarga prabu duryudhana ora  ketok saben perang. Lan arep ngajak bali prabu duryudhana maring Ngastina.
 Prabu puntadewa nggolekki panggonane prabu Duryudhana. Nalika srengenge esuk nerangi dina iki, prabu Kresna wis ana ing medan Kuru. Rame-ramene peperangan sing wis lakukna nganti 18 dina sing turah utawa sing bisa dideleng gawe wong nelangsa. Nanging prabu Kresna kelingan karo ucapane dhewe nalika prabu Baladewa sing di sisihake karo tipu dayane,supaya ora melu-melu marang medan perang. Lan kudu tapa disit ana ing Grujugan Sewu.
 Ana ing kana prabu Baladewa tapa muja marang Dewa, supaya di wenehi kerukunan karo sedulur-sedulure Kurawa lan Pandhawa. Nalika prabu Kresna wis tekan ana ing panggonan semedi prabu Baladewa. “Dosane niku gedhe banget,werkudara, umpami menungsa ngganggu menungsa kang lagi tapa, tapi saiki ana bab sing wis ora bisa ditunda maneh. Mangga dinda, rewangi aku hening cipta kangge nangikake prabu Baladewa karo Aji Pameling” .Celathune Kresna marang Werkudara ing ngarepe prabu Baladewa sing dijaga dening putrane yaiku Raden Setyaka. Prabu Kresna semedi banjur mbisiki aji pameling marang kuping atine prabu Baladewa.
 Prabu kresna wis bisa ngrubah dalane wektu. Sawise kena Aji pameling, prabu Baladewa tangi saka tapane. Kaya tangi saka ngimpi sing nggegirisi ati, ana ing ngarepe wis ngadeg prabu Kresna karo werkudara. “dinda, sampeyanlah sing tak enteni, Baratayudha iku wis diwiwiti,apa malah perange wis rampung?” takone werkudara. “Kurawa wis tumpas dina iki kanda Prabu,nanging isih ana siji maneh sing tak goleti, prabu Duryudhana” jawabe Kresna.
 Prabu Baladewa ngandhani werkudara kon mungkasi memungsuhan sing dadikake keancuran. Werkudara kudu eling yen pandhawa karo kurawa iku esih siji turunan yaiku turanan saka Eyang Wiyasa. Kresna ngajak werkudara goleki prabu Duryudhana,lan prabu puntadewa uga wis lilakake Negara ngastina dadi duwene Kurawa. Sadawane dalan Kresna ngandelna kekuwatan indera pikirane,ana ing sedawane dalan kresna weruh gajah kyai Pamuk. Anehe nang duwur geger gajah mau sandangan lan senjatane prabu Duryudhana. Kresna ngira yen ana ing ngisor telaga kae prabu Duryudhana umpetan. Banjur ba;adewa nyeluk pra duryudhana.
 Karo swara sing seru banget Baladewa nyeluki prabu Duryudhana “Dinda prabu..uwalah sampeyan ning kene,wing kangen banget aku pengen ketemu karo dinda prabu Duryudhana. Aku kang masmu prabu Baladewa, dinda..aku nyuwun saiki sampeyan metu saka banyu telaga”. Prabu Duryudhana matu saka panggonan umpetane yaiku ana ing tengah-tengah telag. Banjur Lorene pada rangkulan ora mikirake apa wae sing ana ning sekelilinge. Prabu duryudhana ngira yen sing teka mau arep ngajak perang, Duryudhan nerangake yen dheweke ora mlayu saka tanggung jawab,wedi, apa maning dadi pengecut nanging dheweke  lunga amargi dheweke arep nglawan mungsuh-mungsuhe karo Olah Gada sing di ajari dening prabu Baladewa lan prabu baladewa dadi seksi dheweke ngolah Gada.
 Prabu Baladewa nerangake yen dheweke goleki prabu Duryudhan dudu perkara arep ngajak perang ananging malah arep ngajak damai. Amargi wis akeh wong tuwa sing dadi tawur perang mula prabu Baladewa karo para Pandhawa wis sepakat arep ngajak bali prabu Duryudhana marang Negara Ngastina, lan nglalikake sing mbiyen wis kedadeyan,sing sejatine bisa di dadikake ilmu kanggo mbesukke. Para pandhawa wis trima yen para para pandhawa lila menehake Negara Ngastina lan mung njaluk Negara Ngamarta bali menyang para pandhawa sing wis di bangun dening para pandhawa karo usahne dhewe.Nanging jawabane prabu Duryudhana mau ora dadikake masalah rampung. Prabu Duryudhan celathu maneh “ moh.. moh kanda.. kanda wis ngremehna aku,wis akeh prajuritku sing gugur nang perang, apa gunane aku iki sing wis manggon ning kene dewekan wedi mati. Moh aku.pokoke ora..aku iki raja agung, Raja sing wis pirang taun wae urip ana ing kamuliaan. Ora mesthine aku gampang nglilakake tanggung jawabku’’. Banjur duryudana njaluk perang tanding. Umpami pandhawa kalah uta menang pandhawa bakal kuciwa. Saumpami Prabu Duryudhana sing menang iku pancen wis dadi kuwajibane mbangun maneh kemuliaane lan prabu duryudhana pa ora geldaem kesusu. Amerga kekuwatan lawane sing pada sektinne.
 Werkudara karo duryudhana ngati-ati banget yen arep nyerang. Aja nganti salah anggone nyerang lan nglebokake marang situasi sing marakake salah sijine kalah. Antemane prabu Duryudhana saya suwe saya cepet ngenani prabu Werkudara saka arah ngendi wae. Langkahe prabu Duryudhana semrinthil banget kayadene manuk sikatan Prbu Duryudhana mlumpat mrana-mrene nyambar lan matuk prabu Werkudara karo gadane. Perang tanding sing di lakoni dening werkudara karo Duryudhana awasi dening  Kresna lan Baladewa. Anteman-anteman gada saka werkudara karo duryudhana saya suwe sangsaya kuwat.
 Wong loro mau wis tekan marang ilmune dhewe-dhewe sing paling duwur. Kekuwatan wong lora mau kaya taufan , nanging wong loro kuwi mau pancen menungsa-menungsa sing wis dipilih lan  wis ketampa dening pengalaman merguru karo pengalaman ana ing sedawane perang. Prabu Duryudhana ngetokake serangan-serangan anteman gada sing paling kuwat bola-bali. Werkudara karo ajian Bablak Pangantol antol lan direwangi karo  sukma Kumbakarna sing wis tememplek karo awake dhewe banjur nyerang duryudhana.
 Lapangan perang tanding mau dadi geseng kayadene kena bledeg. Apa maneh tubrukane gada wong loro mau sing swarane bledeg sing di rungokna kaya sejuta gludug ana ing lagit. Prabu Duryudhana duwe kekuwatan sing simbole saka angkara murka sing oran gampang dikalahake dening laku apik. Sadawane dina perang tanding mau urung ana sing ketok sapa sing bakal menang. Kekuwatan angine duryudhana sing ngenani werkudaran dening pusaka gada mau kuwi dadi tambah medeni. Werkudara mulai ngrasakake yen dheweke mulai diisep  dening ubengane angen smau sing panas banget. Kaya-kaya puseran banyu sing duweni kekuwatan gede banget ngisep awake werkudara mabur meng duwur.  Nanging aji Bablak Pangantol-antol duwene werkudara wis nancepana awake werkudara marang njero lemah. Nalika Duryudhana mlumpat karo nyerang, werkudara ngenani prabu Duryudhana karo gadane sing kekuwatane kaya bobot gunung sari. Karo kringet sing mecucur, di tambah karo kata-kata sing kotor “ambruk kowe prabu Duryudhana”. Ananging nalika prabu Duryudhana arep nyoba menyat, ping siji ping loro ping telu gadane werkudara isih wae nggempur awake prabu duryudhana. Remuk rempu awake prabu Duryudhana ora kawujud awak maneh.

PUNTADEWA RABI

PUNTADEWA RABI

Langite padhang sumilak nyingkirake sumorot cahyane mbulan ngiringi lakune Puntadewa lan Permadi, pamit marang Drupada lan Permaisuri sing arep ninggalake Kraton Cempalareja. Dewi Drupadi lan Srikandi gemrusuh tangi esuk-esuk nyiapake gegawane Puntadewa lan Permadi.
Satibane ing Wanamarta Puntadewa nyampekake pesene Prabu Drupada kanggo Ibune. Dheweke ngenteni satus dina kanggo mengeti sedane Raden Gandamana kang seda dening kuku pancanakane si Bratasena. Para sanak, punakawan, lan Dewi Arimbi mara ing Kraton Prabu Drupada. Prabu Drupada nyediyani pasanggrahan ugi sandhangan kang endah-endah kanggo para Pandhawa, Dewi Kunthi lan Arimbi nalika pesta kawinane Raden Puntadewa karo Dewi Drupadi.        
Dina kang dienteni wis teka, rombongan banjur padha siap-siap marani calon panganten kanthi numpak kreta tumuju Kraton. Kekembangan megar, nembang kidung asmara . Manuk-manuk mabur sorak-sorak, jawane mengkene:
“Puntadewa... Puntadewa.. Puntadewa sing gagah prakosa mangka dadiya satriya kang utama.”
Upacara kawiwitan, Puntadewa ngenalake ibune yaiku Dewi Kunthi marang Prabu Drupada lan permaisurine.
“Sendhika dhawuh Rama Prabu Drupada, menika ibu kula ingkang asmanipun Dewi Kunthi.” Kandhane Puntadewa bungah.
            Sumiliring ati nalikane keprungu swarane gendhing gamelan. Gumeter kaya-kaya nangekake rambut-rambut kalong ing awak. Puntadewa sing dina kuwi dadi rajane raja uga Dewi Drupadi sing dadi ratune ratu sejagad. Sumringahe Dewi Kunthi nalika nyambut calon putrine.
“Oalah Ndhuk putriku, mangka beja banget putraku anggone milih awakmu. Muga anggone miwiti mbangun kaluwarga iki bisa entuk ridhaning Gusti.”
Dewi Drupadi mangsuli, “Inggih Ibu, matur sembah nuwun kula dhateng panjenengan. Mugi restunipun panjenengan punika saged dipunjabah saking Gusti.”
Puntadewa nggatekake pangandikane Ibune marang Drupadi kanthi rasa kaya-kaya munggah langit. Pamikirane Puntadewa, yen Dewi Drupadi iku pancen anak raja, ananging dheweke ora ngunggulake apa kang wis diduweni. Tumindake kang welas asih marang sapa wae nggambarake sipat becike.
            Sakwise upacara, para tamu banjur padha nonton Pagelaran Seni Tari lan Wayang kulit kanthi lakon Ramayana. Suwasanane rame banget, para tamu isih padha mara wiwit esuk nganti tekan sore. Kang sebageyan padha nonton keseniane, ananging sing sebageyan ngumpul ngrubungi Bratasena sebab gumun banget marang dheweke sing wis bisa ngalahake Raden Gandamana wong kang sekti mandraguna. Dene upacara iku katindakake pitung dina pitung wengi.
Ana ing panggonan liyane, Permadi lan Srikandhi malah lagi pacangan, mandeng sorot mripate Permadi nganti dikira dheweke iku kang dadi mantene.Awak kesel nanging atine seneng banget ngrasakake upacara ing dina mau bisa mlaku kanthi lancar lan meriyah. Kekarepane Puntadewa arep ngejak lunga Drupadi ana ing wana.
“Dhik, apa awakmu gelem yen tak jak manggon ana ing alas?” pitakonane Puntadewa.
Drupadi mangsuli, “inggih kang mas, kula ndherek panjenengan kemawon”.
“yen pancen ngono, mengko kang mas kari nyuwun restune rama”. Pituturane Puntadewa.
Sawise Drupadi nyaguhi banjur Puntadewa nuwun restunipun rama Prabu Drupada.
“Nuwun pangapunten rama, kula wonten ing ngriki badhe matur kaliyan panjenengan bilih pangajab kula menika badhe mboyong Drupadi tumuju alas Wanamarta, mila pangajeng-ajeng kula inggih restu saking panjenengan rama”.
Prabu Drupada mangsuli “Ngger, apa ora luwih apik nek kowe lan Drupadi manggon ana kene wae?”.
“Kula menika boten tegel rama menawi badhe nilar Ibu kaliyan rayi-rayi kula ingkang wonten ing Wanamarta. Tekad kula inggih badhe sisah lan seneng sareng-sareng”, Wangsulanipun Puntadewa.
“Yen pancen ngono kekarepanmu Ngger,  mangka Ibu lan sanak dulurmu coba dijak  manggon ana kene wae menawa gelem”, pituture Drupada.
Puntadewa mangsuli, “inggih rama, matur sembah nuwun kangge sedaya kasucen saking manahipun panjenengan, ananging kita sedaya menika taksih gadhah amanah saking para Dewa supados mbabat alas Amarta saengga kadhapuk dados kampung, desa, lan kitha, ingkang salajengipun saged dados keraton”.
Drupada banjur ngeling-eling nalika dheweke teka ana panggonan kana kuwi, pirang taun sing wis kepungkur uga sangsara banget urip dhewekan ora duwe sapa-sapa. Saka susahe mau saiki wis bisa ngrasakake kamulyane dadi raja ing Kerajaan Cempalareja.
“Hmm... ya sakjane aku durung lila ngeculake putriku, nanging awakmu aja gawe kuciwa ramamu iki. Aku percaya marang awakmu sing bisa njaga putriku lan kaluwargamu ana Wanamarta”, pesene Drupada marang Puntadewa.
            Drupada banjur ngundang bojo lan putrine kanggo ngrembug panjalukane Puntadewa kuwi mau.
“Ndhuk, kirane awakmu gelem apa ora menawa arep kok ajak bojomu manggon ing Wanamarta?”,  pitakonane Drupada marang Drupaadi, anake.
Drupadi mangsuli, “inggih rama, kula purun”
Saguhe Drupadi uga nggawe manah sang Ibu gela. Ibu nangis nganti Srikandi lan Raden Drustajumena krungu, banjur Srikandi anjaluk pamit ramane arep melu ngeterake mbak ayune maring Wanamarta.
“Rama, restunipun panjenengan menawi kula badhe ndherekaken lampahipun mbak ayu Drupadi kaliyan kang mas Puntadewa tumuju Wanamarta”. Makaten panyuwunipun Srikandhi.
Drupada kang wis mangerteni sipat uga sikape Srikandhi sing kaya apa nalikane dheweke wis nduwe kekarepan, mangsuli “iya, tapi lungamu kudu karo adhimu Drustajumena”.
“Inggih rama, matur sembah nuwun kula”, Srikandhi mangsuli kanthi sumringah.
            Miwiti lakune tumuju Wanamarta kanthi numpak kreta ngeterake Pandhawa, Dewi Kunthi, Dewi Arimbi, para Punakawan, lan Putra raja Cempalareja. Bratasena sing ora gelem numpak kreta, luwih milih mlaku utawa mlayu tumuju Wanamarta.
            Kuwi mau cendhake cerita asmara antaraning Puntadewa lan Drupadi kang dibungkus janji suci ana laminan. Drupadi sing tundhuk lan ora bakal ngingkari janji sucine marang Puntadewa kudu bisa urip bebrayan ngenteni megare kembang sak alume lan sak rogole ngibaratake  wujud rasa tresnane .

DHAWUHE BATHARA NARADA

DHAWUHE BATHARA NARADA

Bathara Narada menika Pemimpin saking para Dewa, nggadhahi tugas mimpin para dewa sarta dewa ingkang dipun suwuni pirembagan dening Bathara Guru. Nama sanesipun yaiku Kanekaputra. Tugasipun ingkang sanes ngaturaken anugerah kagem para manungsa. Miturut cariyos Bathara Narada menika ala rupane lan cebol. Bathara Narada dicariyosakaen minangka dewa ingkang lucu lan remen geguyonan. Ananging geguyonanipun wau radi boten lucu.
Nalika ingkang surya taksih wonten ing cengkremanipun ingkang nginggiling donya. Boten sepa, boten dinyana dening Baladewa. Bathara Narada rawuh wonten nagari Mandura. Sinebat nagari Mandura inggih mengka werdi negari kinepung samudra, mlebet mapaning madyaning tulung. Nagari Mandura sinebat wara sundari ingkang werdine bumi pinilih. Wanantara tekeng jaladri hanggunggung reksa dadi pagungang pasang. Among tani peken tadari tansah lumadi denya makarti, kanthi tekun angolah siti, lemah ketekane kaesti, lumbung pari tansah sinandhing dadi raharja wong sanagari, cekap ing ngayon, turah ing wuri.
Baladewa kaget boten kados biasanipun. Amenangi dewaning para dewa sowan wonten ing pasinggahanipun. Baladewa lajeng ngaturaken pambagya sembah sungkem sarta sinuwun kagem sang Hyang Narada menika. Bathara Narada hanampi pambagya sembah sungkem kanthi ati bungah kalihan manah. Supados dipun paringi rahmat dening dewa-dewa sanesipun. Baladewa mirsani sowanipun sang Hyang Narada menika wonten dhawuh ingkang sanget pentingipun. Ngantos lila keranta-ranta singgah wonten nagari Mandura. Leres menapa dene pamanahipun Baladewa, sang Hyang Narada anggadhahi utawi dipun dhawuhi dening sang Hyang Jagad Nata. Sang Hyang Jagad Nata ngendikakake maring Hyang Narada, minangka marang kadangipun Baladewa kalihan Bathara Narada yaiku Narayana.
Sejatosipun Narayana menika kadang alit utawi adhinipun Baladewa. Bathara Narada ngandaraken marang Baladewa menawi wonten ing kahyangan Junggring Salaka kasinggahan mungsuh saka Nagara Dwarayudha, gustining Prabu Kudakala Kresna. Kudakala Kresna menika sejatosipun anggadhahi wujud buta ananging kagungan pangawak awujudipun jaran. Kudakala kresna nggadhahi pangkat patih, piyambakipun angsal dhawuh saking ratu gustinipun nyuwun panguwasan kahyangan Junggring Salaka. Ananging wonten cariyos menika, Bathara Guru boten maringaken, satemah dadosaken nagari Dwarayudha prejawata mungsuhipun Dwaraka. Ananging para dewa menika boten saged perang, kahanan menika dadosaken para dewa mesthinipun lajeng kalah. Mila menika Bathara Narada singgah menika ngaturaken dhawuh saking Bathra Guru, Bathara Guru percados marang Narayana. Ingkang wonten cariyos menika, Bathara Narada animbali “putu”.
Narayana dipun aturi ngendhak napsunipun ingkang Patih Kudakala Kresna. Wontenipun Bathara Guru percados marang Narayana, amargi Narayana anggadhahi sifat ingkang satria ingkang pinandhita, lelabuhanipun Narayana kados dening satrianing praja. Hanamung jiwanipun Narayana sampun kasinungan jiwa Brahmana. Wonten ing madyanipun Bathara Narada ngaturaken dhawuhipun Bathara Guru, sang Hyang Narada taksih nyempilaken gegujengan marang Baladewa. Yaiku ngangge nyebat Narayana dados Ranarana. Nanging, sang Hyang Narada sejatosipun nyadari menawi gegujenganipun radi wagon.
Lajeng Baladewa namung mesam-mesem mawon. Kalih ketingal saking polatanipun. Baladewa ketingal sedhih kalihan bingung. Kados srengenge kealingan mendung, ingkang sekedap malih bakalanipun dhawah ingkang toya saking nginggiling donya. Baladewa ngandaraken menawi ingkang dipun padosi Narayana sampun dangu kesah saking nagari Mandura boten nilar atur menapa-menapa. Mirsa kasunyatan menika Bathara Narada radi bingung sanget, piyambakipun dhawuh marang Baladewa supados ngajak-ngajak para buta supados nulungi nglawan Patih Kudakala Kresna. Baladewa boten mendel kemawon, Baladewa sayektinipun inggih sekti kalihan saged perang, ananging boten kados sedherek alitipun yaiku Narayana.
Wekdhal menika wau, Baladewa nyanggupi badhe nggantosaken ingkang adhi, kagem majeng perang kalihan patih Kudakala Kresna. Bathara Narada boten lajeng sarujuk marang Baladewa. Bathra Narada lajeng ngadhraken, menawi perang menika boten perang kados biasanipun, perang ingkang boten namung pamrih nyawa mangkehipun ananging nun inggih pakurmatan asma dening Baladewa kalihan para dewa, ingkang sampun paring dhawuh. Ananging Baladewa sampun boten saged dibendung malih penggalihipun marang perang nglawan patih Kudakala Kresna menika. Boten namung amargi penggalihipun piyambak, ananging nun inggih kagem paring pakurmatan kagem Bathra Narada ingkang sampun keranta-ranta sowan wonten nagari Mandura.
Bathara Narada lajeng mikir-mikir malih, kagem nylarasaken kalihan kahanan ingkang wonten. Lajeng pungkasanipun Bathara Narada inggih paring donga restu lan sarujuk marang Baladewa.  Lajeng Baladewa pangkat perang. Wonten ing perang menika, patih Kudakala Kresna boten saged dipun kalahaken dening Baladewa.
Mangertosi kahanan menika, Bathara Narada sangsaya bingung lan sedhih. Anaing jembaring donya menika, wonten pasinggahan ingkang radi raket. Wonten ing pasinggahan menika Permadi kalihan Semar panggih kalihan Leladi Mangsa. Leladi Mangsa menika sejatosipun nun inggih Narayana. Narayana nyamar dados Leladi Mangsa namung ajeng nyobi lara lapanipun dados tiyang ingkang biasa-biasa mawon, boten anggdahahi menapa-menapa hanamung raga kalihan tekad ingkang gumantil kalihan jiwa. Hanamung kagungan penggalih nyuwun kaanugrahaning gusti kalihan ngraosaken donya sejatosipun tanpa asma menapa-menapa. Sesampunipun Permadi mangertosi menawi Leladi Mangsa menika kakangipu Narayana. Permadi ngaturi Narayana wangsul wonten ing nagari Mandura. Amargi sampun dipadosi dening tiyang kathah, ingkang betahaken Narayana. Ingkang asih marang Narayana. Sejatosipun panganugrahaning Gusti mesthinipun bakalan kaparing kagem sinten mawon manungsa ingkan saged nglampahaken dhawuhipun Gusti. Misrani menika Narayana wangsul lajeng sumurup kalihan Bathara Narada.
Bathara Narada lajeng ngandharaken kahanan wonten kahyangan amargi polahipun patih Kudakala Kresna. Bathara Narada nun inggih ngandharaken menawi patih Kudakala Kresna boten saged kalah dening Baladewa. Namung Narayana ingkang saged ngalahaken patih Kudakala Kresna. Bathara Narada ngaturi babagan dhawuhipun Bathara Guru supados Narayana majeng perang nglawan Kudakala Kresna. Pungakasinipun Narayana nyangguhi dhawuh menika.

BALADEWA TANDHING

 BALADEWA TANDHING

Baladewa kuwi ratu ana ing Mandura.Adhine jenenge Narayana. Baladewa duwe patih sing jenenge Praguta, kuwi wongepatuh karo apa sing dikongkon dening ratune. Kala kuwi ora dinyana lan dudusing dikarepake atine, Baladewa dadi ratu sing dipercaya nyekel paprentahan ingMandura saka kersane para kawula. Sanajan dudu sing dikarepake nanging Baladewakudu nrima lan kudu bisa dadi ratu sing diajeni rakyate. Baladewa iki pancen ratu sing bisadadi patuladhan dening rakyate, titahe kang dadi panutan para kawulaMandura. Kaya dene wit-witan sing tuwuhwae, angin sing sumilir mbiyak godhong-godhong sing lagi meneng kuwi ugi tansah manut marang apa singdikarepake Baladewa. Sawijining dina nalika pithik-pithikpada ngoceh, srengenge esih sungkan melek. Patih sing tansah manut karo ratuneyaiku Praguta, lagi karo Baladewa ngrembag lungane Narayana sing ora pamit wispirang-pirang dina kuwi. Kaya lintangsing kilangan sorote wulan, atine baladewa sing kepengin ketemu karo Narayana. Pikiranewis ngramba-ngramba bebas lan ora cetha kaya kewan sing urip ana ing alas goletpangan sakepenake. Manuk sing mabur ora duwe arah lan tujuane namungmuter-muter gawe mumet. Kaya kapuk sing kegawa angin mrana-mrene ora karuan. Iki sing lagi ana ing pikiraneBaladewa. Wis nganti kepikiran yen adhine dhewe yaiku Narayana, lunga aja-aja merikaro Baladewa sing dijumenengke dadi ratu ing Mandura. Nanging dening Praguta,patih sing wis dadi tangan tenene Baladewa sedhelat gawe bungahing atineratune. Omongane Praguta sing njlentrehake bab Narayana lunga ora merga merimarang kakange, nanging lunga merga arep golek kamukten dhewe, uga orangarep-arep lerene Baladewa. Omongan mengkono kuwi sing gawe atine Baladewarada ayem, lega lan wis krasa dadi ratu sing sejati awit ngerti tujuaneNarayana lunga. Srengenge mesem marang tanduran singesih padha kademen dening kabut sing malih dadi banyu, pithik-pithik isin-isinmetu kandhang arep golek panguripan saka Dewi Sri. Mbarengi tekane Batharanarada marang Mandura sing ora biasane kuwi. Bathara siji iki seneng guyonnanging wagu, ananging wagu malah dadi sodakoh marang liyan. Gawe seneng atinewong sing neng cedhake. Bisa malihke kahanan sing surem dadi tentrem. Bathara Narada mbabaraken tekaneneng Mandura. Prelune Bathara Narada yaiku arep ketemu karo Narayana, adhineBaladewa. Nanging apa sing dikarepake dening Bathara Narada ora katekan, singdigoleki malah ora ana ing Mandura. Baladewa mratelakake marang Bathara Naradayen Narayana kuwi wis lunga saka Mandura suwe nanging ora pamit. Kanthi gumunlan pikiran ora genah Bathara Narada krungu apa sing dicritani Baladewa. Kahanan ing Mandura dadi ora kayabiasane, manuk-manuk sing awit mau padha rame cumriwis meneng kabeh nalika BatharaNarada ora tenang atine lan wis mikir kanthi tekan apa iya Narayana kuwikelakon dijak dening para buta neng Dwarawati. Terus Bathara Narada nyritakaketujuane ketemu Narayana. Dheweke arep ngongkon Narayana kon ngrewangi para Dewasing sajake ora bisa perang, nanging tiwas arep nglawan Yudhakalakresna.Yudhakalakresna kuwi arep njaluk panguwasan kahyangan Junggring Salaka nangingpara Dewa ora setuju. Manuk-manuk pating cumriwis ramepadha gawe susuh, wara-wiri golet damen nalika para kawula panen pari. Anginsing nabrak godhong-godhong gawe padha jogedan. Banyu sing pating gumrujug sakagunung-gunung sing dhuwur tiba gawe tembangan sing nentremake ati. Baladewasing gagah pawakane kanthi tegas nyedhaki Bathara Narada lan ngomong dhewekesaguh yen dikon nggantikake Narayana maju perang mungsuh karo Yudhakalakresnasaka Dwarawati. Swara manuk, godhong sing padhajejogedan, tembangan saka banyu sing gumrujug, langsung padha meneng krungu apasing diomongake dening Baladewa sing arep maju perang, kahanan dadi kayapesarean sing singit. Nanging kahanan kuwi sedhela engkas ubah maneh kaya singmaune nalika Bathara Narada ugi ngein pangestune marang Baladewa sing arepmangkat perang nggantikake Narayana. Sawise oleh pangestu saka BatharaNarada, Baladewa nyiapake apa kabeh sing perlu digawa perang. Ora lalinyepakake para prajurit sing arep melu perang. Baladewa ngongkon Perbawa singwis kulina ngatur gelare baris perang. Barisan perang sing sajake kaya barisansemut-semut sing arep boyong gawa endhog wara-wiri mlaku kaya wit sing padhajejer-jejer ana ing pinggiran Mandura. Ora asal mlaku nanging ana sing dadipatokan ning ngarep barisan, manut apa sing diprentahke. Bareng karo nyiapake perang, paraprajurit sibuk ngatur barisan, Baladewa lan Praguta ketemu karo wanara putih.Wanara sing duwe wulu sing putihe kaya banyu susu, ngenalake awake dhewe.Jenenge Anoman, anake Bathara Guru lan Dewi Anjani. Barang krungu Baladewa lanPraguta pikirane dadi ngramba-ambra. Sanajan anake Bathara nanging Anoman ikiora gelem urip ana ing kahyangan, malah krambangan ing donya. Anoman iki sajake pancen wis duwewatak kaya ngono, ora gelem aji mumpung merga anake Bathara. Baladewa lanPraguta nganti gumun. Kahanan sing tentrem ana ing Mandura, mbarengi ocapaneAnoman sing ngutarakake tujuane teka marang Negara sing dipimpin dening ratuBaladewa. Apa sing dikarepake padha karo Bathara Narada, Anoman kuwi arepketemu Narayana. Narayana kuwi titisane Bathara Wisnu, Anoman arep urip yensesandhingan karo Bathara Wisnu mula kuwi golek Narayana. Baladewa ngomong apa anane, ngomongyen Narayana ora ana ing Mandura. Lagi lunga nanging lungane ora pamit. Wayahiki Bathara Narada lagi ngupaya Narayana nganti ketemu. Sawise njlentrehakekuwi kabeh, Baladewa ngomong marang Anoman yen dheweke arep njaluk tulung,babagan Anoman sedya apa ora maliki Narayana kon didadekke jagone Dewa nglawanYudhakalakresna saka Dwarawati. Ora kanthi suwe anggone Anoman mikir, Anomansaguh yen arep didadekke jagone para Dewa. Jaman biyen Anoman pernah nantangBimbong Senopati Selogiri. Petenge langit, bledheg sing swaranekaya mecah langit nandakake yen wayah tanding arep wiwit. Anoman sing dadijagone para Dewa maju dhisik tandhing karo Yudhakalakresna, ratu sakaDwarawati. Srengenge wae wis wedi karo kahanan iki ora wani wani nyorotipetenge donya nalika perang mulai lan Baladewa maju perang tandhing karoYudhakalakresna.

YUDHAKALA KRESNA MUSNA



YUDHAKALA KRESNA MUSNA
Adem ayem kaya wonten ing swarga, swarga ingkang dados papan panggon pangayoming para dewa-dewa lan para Bathara. Kahyangan Junggring Salaka aranipun, bubrah papan panggon  pangayoming para dewa kang awujud kahyangan menika dadi segara geni kados neraka nalika  katekanan mungsuh saka Negara Dwarayudha. Gustinipun menika  Prabu  Kudhakala Kresna ingkang gadahi wujud buta ananging  badane wujud jaran.
 Prabu Kudhakala Kresna ngutus patihe Yudhakala Kresna mendhet alih kekuasaan  kahyangan Junggring  Salaka kanthi peksa. Prabu Kudhakala Kresna ngendika marang patihe mengkene :
“Patih Yudhakala Kresna ing kahyangan Junggring  Salaka kok sajake endah temen, aku kapingin dadi ratu ing kahyangan mengkana.”
“Inggih kula sinuwun prabu, kula derekaken sinuwun” patih Yudhakala Kresna mangsuli. Patih Yudhakala Kresna lajeng dateng wonten ing kahyangan ngrebut kanthi peksa saking Bathara Guru. Anangin Bathara Guru  boten purun maringaken kahyangan lajeng  nglawan,  ingkang dipun biyantu para dewa-dewa, nanging boten saged ngalahaken Yudhakala Kresna, amergi boten  ahlinipun perang.
“whahaa,,,he ha,, saiki aku kapingin manggon ana ing kahyangan kene.” Yudhakala Kresna gemboran wonten ing Kahyangan.
“weheh ! karep-mu apa ? jelas nyata kahyangan dudu duwek-mu ! wani-wanine ngomong sak penake ususmu ! kowe sapa heh !” Bethara guru pitaken nadane radi inggil.
“Wis rausah kakean omong ! aku patih Yudhakala Kresna saka Negara Dwarayudha, kene lawan aku ! whaha,,, “ Yudhakala mangsuli,
“Nyoh tampanano !  “ Bathara Guru ngajar Yudhakala
“waha, apa ora bisa  luwih banter sithik anggonmu njotos awakku heh !  saiki ganti aku, nyoh ki tampanano !” Yudhakala Kresna lajeng nyerang Bathara Guru
“Kurang ajar kowe Yudhakala, nyoh rasakna ! “ Dewa-dewa biyantu Bathara Guru nglawan Yudhakala. Ananging dewa-dewa wau boten saged  ngalahaken patih  Yudhakala Kresna.
“whaha ora krasa ! hiaah,,,, ki rasakno ! wis kana sumingkira. whahahaaa,,,, “ Yudhakala saged ngalahaken Bethara Guru kaliyan para dewa menika. Lajeng Bathara Guru ngutus Bathara Narada rawuh wonten ing Mandura nyuwun tulung kaliyan Narayana supados saged  ngusir mungsuh kang  kapingin ngrebut kahyangan Junggring Salaka.
“Bathara Narada, kula nyuwun tulung panjenengan saged sowan  ing Mandura, pados Narayana supaya saged  biyantu kahyangan kang wis mosak-masik kaya segara geni amergi polahe Yudhakala Kresna “  Bathara Guru ngutus Bethara Narada.
“Nun inggih sinuwun sumadhung dhawuh pikulun” Bathara Narada mangsuli,  lajeng tindhak wonten ing Mandura .
 Sakdugine wonten ing Mandura, Bathara boten ningali Narayana,nanging wontene  namung prabu Baladewa kaliyan Praguta dipun leremaken pikirane ingkang saweg nandhang sungkawa amergi Narayana kesah boten pamit kaliyan prabu Baladewa, lan boten wonten ingkang mangertos kesahipun Narayana,  lajeng  prabu Baladewa makili Narayana. Lajeng  Bathara Narada madosi Narayana.
“Kula nuwun pekulun nalika putra. Sarawah paduka kula ngaturaken pambagya sembah sungkem kula kunjuk padukan Sang Hyang Narada.” Atur sembah saking Baladewa dateng Bethara Narada nalika Bethara Narada rawuh wonten ing Mandura.
“iya ngger, iki aku teka ing Mandura iki ngemban  dhawuh saka sang Hyang Guru arep jaluk tulung marang Narayana supaya bisa kiineng ngendhak napsu murkaning prabu Kudhakala Kresna sapatihe.” Bathara Narada rawuh ngemban dawuh saking Bathara Guru.
“Kula nuwun  sewu pekulun Narada, wekdhal menika rayi kula Narayana boten seba, saha piyambakipun sampun dangu kesah saking Mandura boten pamit.” Baladewa mangsuli Bathara Narada.
“Ngger Baladewa, yen nganti Narayana ora ketemu, kelakon dijak-jakan para buta Dwara kana ngger” Bathara Narada sedih
“Pekulun Narada, menapa sekinten wonten paduka menawi paduka kula wakili pekulun” Baladewa nawaraken usulan.
“Yen pancen ngana, awit asmane adhi guru ulun paring panrima kasil marang lukita Baladewa.” Bathara Narada setuju saha dongakaken Baladewa.
“Nun inggih Pekulun, matur sembah nuwun.” Wangsulanipun Baladewa
”Yen ngono aku tak goleki Narayana ngger” Bathara Narada lajeng madosi Narayana.
Lajeng Prabu Baladewa ngutus Praguta lan Perbawa nyiapaken prajurit dherek prabu Baladewa wonten ing gunung Jambul Dipa.
“Hei Praguta tumuli kirabna para prajurit Mandura melu aku pratelan ing gunung Jampul  Dipa. Patih Perbawa, Sira Kondhang pinter ngatur barisan perang, mula murih aja nguciwaning sakabehe .” Baladewa ngutus Praguta kaliyan patih Perbawa.
“Nun inggih gusti kanjeng sinuwun” wangsulanipun Praguta kaliyan patih Perbawa.

 wonten ing ngrika prabu Baladewa  sumerep wonten  wanara ingkang madosi  Narayana,  titisanipun Bathara Wisnu saha Bathara Guru.
“Loh kae ana wanara kok genep temen tata kramane, jenengmu sapa ?” Baladewa pitaken
“Kula Anoman, kula badhe sowan wonten ngarsanipun raden Naryana.” Anoman mangsuli.
“Anoman, wektu iki  rayiku Narayana lagi lunga tanpa pamit, padahal wektu iki Narayana kudu nylametake kahyangan Junggring Salaka saka  Yudhakala Kresna.” Ngendhikanipun Baladewa.
Lajeng Anoman dipun ajak majeng  perang  dening prabu Baladewa,  mungsuh  Yudhakala Kresna kang arep ngrebut kahyangan  Junggring Salaka. Banjur padha mlampah wonten  ing kahyangan.
 Wonten ing ngrika Yudhakala saweg gineman kaliyan  Togog lan Mbilung , lan wonten  ing ngrika Yudhakala Kresna dipun aturi menawi mangkeh  bakal dipun lawan Baladewa, Yudhakala boten gadhah ajrih  ananging malah nantang.
“kanjeng, Panjenengan mangkeh mungsuh kaliyan Baladewa  kanjeng.” Togog matur patih Yudhakal Kresna.
“Minggira aku ora wedi, ndi mungsuhku ? majua mrene ! “ Ngendhikane Yudhakala Kresna.
Boten dangu  prajurit-prajuritipun  Prabu Baladewa lajeng nyerang Yudhakala Kresna, nanging prajurit-prajurit wau boten saget ngalahake Yudhakala Kresna. Akhire prabu Baladewa, Anoman ingkang ngadapi Yudhakala Kresna, praguta kaliyan Perbawa ngadepi Yudhakala Kresna.
“Nyoh iki tadahana !” Antemane Baladewa, Anoman ugi Praguta kaliyan Patih Perbawa boten saged ngalahaken Yudhakala Kresna.
Wonten ing sanes wekdal Permadi kaliyan Semar sumerep wonten  pertapa ingkang lumpuh dawah saking langit asmanipun Leladi Mangsa, lumpuhe wau saged dipun pulehaken dening Permadi, Leladi Mangsa menika wau  boten sanes inggih menika  Narayana.
“ Dimas Permadi, Satemene kang membo dadi wong lempoh iku aku Narayana.” Ngendhikanipun Narayana.
Boten dangu  Bathara Narada wonten ing  ngrika lan akhire sumerep  si Narayana, lajeng sanjang menawi  angsal  amanat saking  Bathara Guru nyuwun tulung dening Narayana supados  nylametaken kahyangan Junggring Salaka.
“Wealah putuku Narayana, iki kowe intuk utus saka Bathara Guru ngalahake mungsuh kang wis obrak-abrik kahyangan” Ngendhikanipun Bethara Narada. Wonten ing ngriku Narayana kaliyan Permadi  dipun bekali pusaka cacahe kalih.
“Iki keparingan pusaka saka Adhi Guru cacahe lara, siji kreta kencana kang arane kyai Jala Dara karo  bende kang arane kiyai Panca Janyo,  bende iku yen di tabuh swarane bisa gawe mungsuh dadi lemes lan ora bisa berkutik.” Ngendhikanipun Bathara Narada.
Lajeng Narayana  kaliyan Permadi mlampah,  wonten  ing kahyangan nitih  kreta kencana wau. Wonten ing tengah margi Yudhakala Kresna sumerep wonten tiyang kang nitih kreta kang saged mabur, inggih menika kreta kencana  kang dipun  titih Narayana kaliyan Permadi. Narayana kaliyan Permadi wau ngedhang Yudhakala Kresna munggah  wonten ing kahyangan.
“Ana satriya kulit cemnik mudun saka kreta,sapa kowe?” Yudhakala pitaken.
“Aku Narayana kang dadi dewa kematianmu. Nyoh tampana” Wangsulanipun Narayana. Lajeng perang kaliyan Yudhakala Kresna.
“Wehaha hayo maju manih, antemanmu rasane ora luweh kaya kapuk, weahaa,,,” Yudhakala Kresna gemuyu. Banjur Permadi nabuh bende kyai Panca Janyo kang bisa ngluluhake mungsuh, Yudhakala Kresna dados lemes.
“lhoh-lhoh, gene ki awakku kok rasane ora duwe daya kaya ngene?” Yudhakala krasa bingung menapa badanipun lemes. Narayana lajeng ngajar Yudhakala Kresna.
“ Nyoh tampanana !” Narayana nyerang Yudhakala Kresna.
“heh aduuhhh hahh hoooooohh,,” Yudhakala wis ora awujud malih. Akhire Yudhakala Kresna bisa dipun kalahaken  dening Narayana,akhire  Yudhakala Kresna  bisa dipun musnakaken.