Rabu, 07 Januari 2015

RESENSI NOVEL



RESENSI NOVEL “NGLARI WOTING ATI”

1.    Judul Resensi         : Nggayuh Kabahagyan
2.    Identitas Novel
a.       Penulis              : Fitri GunawanJudul Resensi        
b.      Penerbit            : Q Publisher
c.       Tahun terbit      : 2012
d.      Tempat terbit    : Depok
e.       Tebal                 : 182 kaca
f.       ISBN                : 978-602-98256-8-8
g.      Dimensi            : 21 x 12,5 cm
h.      Jenis kertas       : Buram
                                      
3.    Sinopsis
Sawise klakon mangun bale wisma karo Irawan, lan kaparingan momongan siji jenenge Ardana, lelakone Dini ora mung cuthel tekan semono. Akeh gegayuhan sing durung kasembadan. Ana ing cerita iki, pengarang nyritakake bab perjuangan sing tansah dilakoni kanthi akeh alangan lan akhire bisa kelakon.
Sawijining dina, Dini pikantuk kabar seka Pak Dekan ing kampus ngenani jatah beasisiwa seka USAID. Nanging abot rasaning atine Dini yen njupuk beasiswa kuwi amarga bakal ninggal keluwarga. Kanthi dukungan lan kekuwatan seka Irawan lan wong tuwane akhire Dini maju seleksi. Praupane Dini mung aclum nalika lolos seleksi. Bar njaluk donga lan pangestu saka Irawan lan Ibu, Dini budhal menyang bandara ora diterake Irawan amarga wedhi keranta-ranta ninggal keluwarga. Tekan Washington DC, wektune Dini mung kanggo kuliah lan sinau ora kober mrana-mrene. Wayah sore ana ing asrama Dini pikantuk telpon seka Rudi yaiku kanca sapeguron nalika sinau njoget ing Laras Madya sing wis pisah puluhan taun. Rudi ngejaki Dini kanggo njoget Bambangan-Cakil sing dianakake dening Permias (Persaudaraan Mahasiswa Indonesia di Amerika Serikat) kanggo penggalangan dana korban bencana alam ing Indonesia. Kaya adat saben mulih kuliah Dini maring Perpustakaan. Sepira bungahe Dini ing ngarep Perpustakaan kampus bojo lan anake wis ngenteni. Ngepasi malam dana Irawan, Arda, Ibu, lan sedulur seka Montreal pada nonton. Anggone Dini mbambang, Irawan tansah foto-foto lan asile dipacak ing WP.
Dini oleh kabar seka Ibu yen Irawan lagi menyang Senthul karo Alex yaiku kakange Anita mantane Irawan biyen kang gawe atine Dini ora kepenak. Ora krasa ujian disertasi wis kalampahan, enggal-enggal Dini ngabari Ibu ing Indonesia nanging ora bisa guneman karo bojone amarga Irawan wis ditarik menyang Kuala Lumpur. Wis sawetara suwe Dini ora sesambungan karo Irawan awit ponsele bojone uga ilang.
Nandhang sedih nalika tekan Kuala Lumpur Dini dicritani adhine  yen Irawan kacilakaan lan ana ing Johannesburg. Enggal-enggal Dini lan Parekesit menyang Johannesburg, nanging sansay sedih Dini nalika wis tekan ternyata Irawan wis dipindah ing Kuala Lumpur. Akhire Dini bali meneh ing Kuala Lumpur. Ing rumah sakit akhire Dini ketemu sigaraning nyawane kang lagi nandhang tatu sakojur ing kono uga ana Anita lan Alex. Irawan dipindah ing rumah sakit Indonesia. Let seminggu Irawan wis oleh mulih. Sawijining dina nalika ing omah Dini ditelpon dening Mbak Sri kakange Irawan ing Kuala Lumpur ngabari yen Anita lagi lara lan kepengin ketemu Dini. Anita mung kepengin njaluk ngapura myang Dini amarga Anita tetep tresna marang Irawan. Banjur Anita budhal sowan marang Kang Kagungan.
       Irawan sewulan ana ngomah wis bisa mlaku. Sawijining dina Irawan lan Dini dijak mujudake impen-impene Pak Suryo lan Pak Hernowo, bapak lan maratuwane Rudi mbangun pawiyatan kang luhur. Kanthi lancar lan tanpa alangan Universitas Suryo Bawono wis ngadeg ing Ungaran, Semarang. Irawan lan Dini dadi dosen ing universitas iku. Dini ngerti yen ana salah sijine mahasiswa sing jeneng Rosita sajake tresna marang Irawan awit pitulungane Irawan nalika ing Wonosobo. Ora pamit Dini lunga menyang Mataram marang pula kang endah jenenge Gili Meno tujuane kanggo nata ati. Bar pirang dina lunga, Dini mulih menyang Jakarta lan dilanjut marang Ungaran kanggo mulang kaya biasane. Saka dosen ing kampus Jakarta Dini didhawuhi ngisi pidato ilmiyah disnatalis. Sabubare pidato lan mudhun saka podium, Dini ngglethak ora sadar. Enggal-enggal sakeluwarga nggawa Dini menyang rumah sakit. Doktere ngandharaken yen Dini lagi ngandhut wetara sepuluh wulan. Pitung wulan candhake Dini nglairake anak wadon kang dijenengi Handayani Mutikawati.

4.    Unsur Intrinsik Novel
a.       Tema
Tema ana ing novel Nglari Woting Ati yaiku “Perjuangan”. Nyritakake tokoh Dini lan Irawan nalika ngadhepi perkara lan cobaan. Tokoh kekalih ngadhepi perkara kuwi kanthi tabah lan sabar saengga pungkasane nyenengake amarga bisa kumpul maneh lan ana ditambah momongan.
b.      Latar Panggonan
-          Omah
Kabukti seka kutipan ing ngisor iki:
“Ora ngira babar pisan, tekan ngomah jebul Irawan wis ndhisiki. Dak deleng arloji, lagi jam setengah loro.”
-          Washington DC
Kabukti seka kutipan ing ngisor iki:
“Tekan Washington DC njujug Kedubes Indonesia, kang dununge ing Dupont Circle.”
-          Kuala Lumpur
Kabukti seka kutipan ing ngisor iki:
“Tekan Kuala Lumpur Internasional Airport sing methuk Parikesit.”


c.       Wektu
-          Wengi
Kabukti seka kutipan ing ngisor iki:
“Tekan Montreal kira-kira jam sanga bengi. Ora sida nginep neng ndalan, mung maem thok! Najan mripat rasane sepet, ~awit sajroning mlaku aku ora wani turu, ngancani Steve, sungkan~ ning tekan nggon ibu lan sisihane Steve anggone nampa anget lan grapyak, dadi ora enggal bisa turu.”
-          Sore
Kabukti seka kutipan ing ngisor iki:
“Senen sore watara jam papat, jare ana tamu nggoleki aku.”
-          Esuk
Kabukti seka kutipan ing ngisor iki:
“Isih jam wolu esuk, ~kuliyahku mengko jam sepuluh~ mesthine Jakarta jam wolu bengi, muga-muga wonge wis teka.”
d.      Suasana
-          Sedhih
Kabukti seka kutipan ing ngisor iki:
“Welas tanpa upama, ndeleng Irawan kang memelas tanpa daya. Tangis-tangisan wong loro, ngesok sedhihing ati.
-          Seneng
Kabukti seka kutipan ing ngisor iki:
“Aku ndhodhok, tangane takgarake, nampani anakku kang banget dakkangeni. Mesthi bae banjur dakkekep-kekep lan dakarasi.”
-          Menegangkan
Kabukti seka kutipan ing ngisor iki:
“Durung nganti rembugku rampung dumadakan ana nom-noman ndradap mlebu ruang kelas. Ana cah wadon kang lungguh seka bangku nomer 2 dilarak wani. Mesthi bae bocahe jelih-jelih. Kancane dha bengok-bengok, banjur metu nututi.”

e.       Alur
-          Maju
Ing novel Nglari Woting Ati nggunakaken alur maju amarga nyritakake awit awal kepiye tokoh pikantuk perkara lan cobaan sing abot lan akhire bisa ngrampungake perkara kanthi sabar lan tabah.
-          Mundur
Novel iki uga nggunakaken alur mundur amarga nyritakake tokuh Dini cilik sing melu gladhen nari ing Laras Madya lan melu seleksi pertukaran pemuda menyang luar negeri.
f.       Gaya Bahasa
Gaya bahasa sing digunakake ing novel “Nglari Woting Ati” yaiku gaya basa wetanan utawa Jawa Timur lan basa Inggris. Akeh tokoh ing novel nggunakake gaya bahasa wetanan. Gunemane wong luar negeri uga nanggo basa wetanan.
g.      Amanat
Amanat sing bisa dijupuk saka novel “Nglari Woting Ati” yaiku sipat tetulung lan mbantu wong liya. Nalika tumindak kita kudu ngati-ati lan aja kesusu, dipikirke disik. Sikap saling ngurmati kudu tuwuh utamane ngurmati wong kang luwih sepuh.
h.      Penokohan
-          Wara Muherdini
Penyayang : “Sayang, saiki Arda salin penganggo, banjur wijik sikil lan tangan, trus maem, ya?” pangathagku marang anakku lanang.
Pinter         : “Cekake, let seminggu didhawuhi Bu Yuni, yen aku ora
  mung makili sekolah, nanging uga Kotamadya, banjur seminggu candhake kudu samekta seleksi ing tingkat propinsi, kang melu wakil seka 37 Kabupaten/Kotamadya sa Jawa Wetan.”
Keras          : “Guyonanmu ora lucu! You disappointed me, Rud!
Sajroning latihan ora ana improvisasi, ngapa kowe
nggladrah kaya ngono?”
-         Irawan
Penyayang : “ Aku ambegan dawa. Irawan ngelus-elus gegerku, aweh
kekuwatan milih putusan. Bingung!”
Andhap Asor: “Mas, sareh mas, ana rembug ya dirembug sing becik, aja main kasar ngono! Ayo nyang kantor.”
-          Rudi
Pinter          : “Rudi Cakil, kamangka bocahe bagus tur sekolahe pinter,
ning kondhange Rudi Cakil.”
-          Bu Siti
Eman          : “Iya Bu, maturnuwun ular-ulare. Mengko bengi aku
nyuwun wewenganing Gusti. Sesuk esuk Ibu dak aturi meneh, ya?”
-          Keluarga Cremeers
Eman          : “Nyonya Cremeers wis nyawisake susu soklat sing kebul-
kebul lan roti bakar.”
Grapyak        : “ning tekan nggon ibu lan sisihane Steve anggone nampa anget lan grapyak, dadi ora enggal bisa turu.”
-          Parikesit
Eman          : “Tekan Kuala Lumpur Internasional Airport sing methuk
                      Parikesit.”
i.        Sudut Pandang
Sudut pandang sing digunakake ing novel iki yaiku sudat pandang wong pertama. Kabukti seka pengarang sing ngetokake karakter tokoh utama nganggo tembung “aku”.
4. Kaluwihan Novel :
       Kaluwihan sing ana ing novel iki yaiku runtutane crita kegambar kanthi cetha lan detail saengga gampang dipahami dening sing maca. Akeh panggonan-panggonan sing dicritakake dening pengarang bisa gawe sing maca ngayal kaya ing panggonan iku amarga kanthi nyata digambarake ing saben ukara. Pengarang katon duwe pengalaman sing jembar ngenani sekolah ing luar negeri. Gambar sampul lan judul uga dikarang kanthi sae kanggo narik atine sing maca.
5. Kekirangan Novel
       Kekirangan seka novel Nglari Woting Ati yaiku pengarang akeh nggunakake tembung basa Inggris sing ndadekake wong maca kurang ngerti tegese. Ing novel iki uga ana tembung sing kurang konsisten kaya celukane Arda marang Dini, Arda nggunakake tembung “bunda” lan “ibu” nalika guneman karo Dini. Pengarang nyritakake tokoh Dini lan Irawan nalika sesambungan karo kanca lawan jenis nanging kekalihe ora ana rasa cemburu, iku kaya ora mungkin ing masyarakat. Gunemane wong luar negeri nanggo basa wetanan kanthi lancar.
6. Saran kanggo Buku
       Novel Nglari Woting Ati sing nggunakake akeh tembung basa Inggris luwih becik yen diwenehi arti supaya sing maca mudeng critane. Gaya bahasa sing digunakake saben tokoh luwih becik yen disesuaikan karo latar belakang tokoh.
7. Manfaat Isi Buku
Manfaat sing bisa dijupuk seka novel iki yaiku kisah tokoh kekalih sing ngadhepi perkara lan bisa ngrampungke masalah kasebut. Biku iki cocok kanggo pembaca khususe sing lagi nuntut ilmu amarga novel iki isine babagan perjuangan nalika nggayuh kepenginan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar