Kamis, 08 Januari 2015

TRESNA KANGGO KANCA



TRESNA KANGGO KANCA
ANIK SASI KIRANA

 
Lagi wae Nani tekan prapatan dalan, kelingan ana buku sing ora digawa. Enggal-enggal Nani mbalik maneh menyang omah njupuk buku. Njagang pit sing ditumpaki ing plataran ngarep omah. Sarampunge njupuk buku, Nani ngepit maneh menyang sekolah. Kebeneran ing dalan ketemu Banu dadi menyang sekolahan bareng. Nani karo Banu padha-padha kelas 2 SMA lan sekelas uga. Banter-banteran bocah loro kuwi anggone numpak pit amarga wis kawanen. Tekan sekolah Nani lan Banu mlebu kelas. Kira-kira sepuluh menit bocah loro numpak pit.
“Ni, dina iki ana tugas ora?” Banu takon marang Nani.
“Ana, tugase kon nganalisis tradisi Nu.” Wangsulane Nani.
“Wis kok garap, Ni? Aku nyontoh gonmu Ni.” Banu nyedhaki Nani.
Ora let suwe, Bu Guru Eny teka. Nanging ora suwe anggone ngasta amarga ana kaperluan liya.
            “Nu, tugasku esih semrawut. Kene arep tak beneri.” Nani njaluk tugas sing disilih Banu.
            “Iki. Matur nuwun ya.” Banu mbalekake tugase Nani.
Sekolah dina iku ora tekan awan amarga guru-guru duwe kaperluan. Nanging Nani ora langsung mulih, dheweke esih kapengin internetan neng sekolah. Banu sing bar tuku gorengan, lungguh ing jejere Nani. Pas iku ana Ika uga.
            “Nani, Ika iki lho ana gorengan. Dimaem dhisik mengko adem.” Banu nawakake marang kanca-kancane.
            “ Iya, matur nuwun.” Jawabe Nani singkat.
            “Mengko tak entekna aku lho, Ni.” Ika sing lungguh ngarepe Banu nyambungi.
Ika kuwi salah siji kancane Banu lan Nani.
Bocahe seneng guyon lan sipate kaya mbah-mbah amarga sering ngandhani kanca-kanca babagan apa wae. Kanca sakelas uga seneng karo Ika awit bocahe eman lan seneng manganan dadi akeh jajan yen cedhak bocah iku. Banu lan Nani wis rong taun sakelas karo Ika. Nanging Ika luwih akrab karo Nani, dheweke uga sepanggon neng kelas.
Salah sawijining dina nalika Banu pit-pitan arep neng omahe Nani. Sengaja Banu ora ngandhani Nani dhisik. Barang tekan ngarep omah, Banu kaget weruh Nani lagi karo Andi kanca sakelase ana ing omahe Nani lagi adhep-adhepan nanging ora weruh Banu. Enggal-enggal Banu ngadoh saka ngarep omahe Nani.
Banu wis kepikiran nek bocah loro kuwi ana apa-apa. Awit sipate ing sekolahan ora kaya kancanan biasa. Bocah loro kuwi sering bareng. Banu dudu apa-apane Nani, Banu mung kanca. Nanging asline wis suwe dheweke nandhang tresna marang Nani. Babagan katresnan iki Banu durung wani nembung Nani. Barang weruh kedadean iki kebak rasa gela atine Banu. Sesuke Banu kepethuk Nani arep menyang sekolah. Adate bocah loro iki nek ketemu mesthi langsung kandha-kandhahan, nanging iki ora malah padha meneng.
            “Banu, kowe lagi ana apa?” Ora suwe Nani miwiti guneman.
            “Orapapa, Ni.” Wangsulane Banu cekak.
            “Nu, mengko kowe arep melu dadi panitia pitulasan ora? Iki wis meh sasi Agustus.” Nani takon.
            “Aku ora meh melu dadi panitia, aku meh dadi peserta wae. Ben iso melu lomba-lomba.” Banu njawab karo ngejak guyon.
            “Hahahah... Kaya bocah cilik wae kowe ki.” Nani ngguyu.
Ora krasa mlakune wis tekan sekolah. Banu lan Nani mlebu kelas. Ora biasane Nani milih lungguh ing jejere Andi. Ana sing digumuni Banu, biasane Nani mesthi kandha nek duwe sesambungan karo liyan. Nanging babagan cedhake karo Andi, kok Nani ora tau kandha. Banu dadi penasaran, apa iya mung kancanan biasa? Apa ana sesambungan kang luwih saka kanca?.
            “Nu, ayooo mulih.” Andi ngejaki mulih.
            “Iya Ndi, ndhisiki wae.” Wangsulane Banu.
Nalika Nani lan Andi wis mulih, Banu enggal-enggal nyedhaki Ika.
            “Ka, Andi lan Nani kuwi ana sesambungan luwih seka kanca to?” Pitakonane Banu awit penasaran nemen.
            “Menurutku mung kancanan biasa Nu. Nani ora tau kandha nek dheweke lagi cedhak karo Andi. Ana apa tho?” Andharane Ika karo mbalik takon.
            “Orapapa, Ka. Iya wis matur nuwun.” Banu mulih.

Rabu, 07 Januari 2015

RESENSI NOVEL



RESENSI NOVEL “NGLARI WOTING ATI”

1.    Judul Resensi         : Nggayuh Kabahagyan
2.    Identitas Novel
a.       Penulis              : Fitri GunawanJudul Resensi        
b.      Penerbit            : Q Publisher
c.       Tahun terbit      : 2012
d.      Tempat terbit    : Depok
e.       Tebal                 : 182 kaca
f.       ISBN                : 978-602-98256-8-8
g.      Dimensi            : 21 x 12,5 cm
h.      Jenis kertas       : Buram
                                      
3.    Sinopsis
Sawise klakon mangun bale wisma karo Irawan, lan kaparingan momongan siji jenenge Ardana, lelakone Dini ora mung cuthel tekan semono. Akeh gegayuhan sing durung kasembadan. Ana ing cerita iki, pengarang nyritakake bab perjuangan sing tansah dilakoni kanthi akeh alangan lan akhire bisa kelakon.
Sawijining dina, Dini pikantuk kabar seka Pak Dekan ing kampus ngenani jatah beasisiwa seka USAID. Nanging abot rasaning atine Dini yen njupuk beasiswa kuwi amarga bakal ninggal keluwarga. Kanthi dukungan lan kekuwatan seka Irawan lan wong tuwane akhire Dini maju seleksi. Praupane Dini mung aclum nalika lolos seleksi. Bar njaluk donga lan pangestu saka Irawan lan Ibu, Dini budhal menyang bandara ora diterake Irawan amarga wedhi keranta-ranta ninggal keluwarga. Tekan Washington DC, wektune Dini mung kanggo kuliah lan sinau ora kober mrana-mrene. Wayah sore ana ing asrama Dini pikantuk telpon seka Rudi yaiku kanca sapeguron nalika sinau njoget ing Laras Madya sing wis pisah puluhan taun. Rudi ngejaki Dini kanggo njoget Bambangan-Cakil sing dianakake dening Permias (Persaudaraan Mahasiswa Indonesia di Amerika Serikat) kanggo penggalangan dana korban bencana alam ing Indonesia. Kaya adat saben mulih kuliah Dini maring Perpustakaan. Sepira bungahe Dini ing ngarep Perpustakaan kampus bojo lan anake wis ngenteni. Ngepasi malam dana Irawan, Arda, Ibu, lan sedulur seka Montreal pada nonton. Anggone Dini mbambang, Irawan tansah foto-foto lan asile dipacak ing WP.
Dini oleh kabar seka Ibu yen Irawan lagi menyang Senthul karo Alex yaiku kakange Anita mantane Irawan biyen kang gawe atine Dini ora kepenak. Ora krasa ujian disertasi wis kalampahan, enggal-enggal Dini ngabari Ibu ing Indonesia nanging ora bisa guneman karo bojone amarga Irawan wis ditarik menyang Kuala Lumpur. Wis sawetara suwe Dini ora sesambungan karo Irawan awit ponsele bojone uga ilang.
Nandhang sedih nalika tekan Kuala Lumpur Dini dicritani adhine  yen Irawan kacilakaan lan ana ing Johannesburg. Enggal-enggal Dini lan Parekesit menyang Johannesburg, nanging sansay sedih Dini nalika wis tekan ternyata Irawan wis dipindah ing Kuala Lumpur. Akhire Dini bali meneh ing Kuala Lumpur. Ing rumah sakit akhire Dini ketemu sigaraning nyawane kang lagi nandhang tatu sakojur ing kono uga ana Anita lan Alex. Irawan dipindah ing rumah sakit Indonesia. Let seminggu Irawan wis oleh mulih. Sawijining dina nalika ing omah Dini ditelpon dening Mbak Sri kakange Irawan ing Kuala Lumpur ngabari yen Anita lagi lara lan kepengin ketemu Dini. Anita mung kepengin njaluk ngapura myang Dini amarga Anita tetep tresna marang Irawan. Banjur Anita budhal sowan marang Kang Kagungan.
       Irawan sewulan ana ngomah wis bisa mlaku. Sawijining dina Irawan lan Dini dijak mujudake impen-impene Pak Suryo lan Pak Hernowo, bapak lan maratuwane Rudi mbangun pawiyatan kang luhur. Kanthi lancar lan tanpa alangan Universitas Suryo Bawono wis ngadeg ing Ungaran, Semarang. Irawan lan Dini dadi dosen ing universitas iku. Dini ngerti yen ana salah sijine mahasiswa sing jeneng Rosita sajake tresna marang Irawan awit pitulungane Irawan nalika ing Wonosobo. Ora pamit Dini lunga menyang Mataram marang pula kang endah jenenge Gili Meno tujuane kanggo nata ati. Bar pirang dina lunga, Dini mulih menyang Jakarta lan dilanjut marang Ungaran kanggo mulang kaya biasane. Saka dosen ing kampus Jakarta Dini didhawuhi ngisi pidato ilmiyah disnatalis. Sabubare pidato lan mudhun saka podium, Dini ngglethak ora sadar. Enggal-enggal sakeluwarga nggawa Dini menyang rumah sakit. Doktere ngandharaken yen Dini lagi ngandhut wetara sepuluh wulan. Pitung wulan candhake Dini nglairake anak wadon kang dijenengi Handayani Mutikawati.

4.    Unsur Intrinsik Novel
a.       Tema
Tema ana ing novel Nglari Woting Ati yaiku “Perjuangan”. Nyritakake tokoh Dini lan Irawan nalika ngadhepi perkara lan cobaan. Tokoh kekalih ngadhepi perkara kuwi kanthi tabah lan sabar saengga pungkasane nyenengake amarga bisa kumpul maneh lan ana ditambah momongan.
b.      Latar Panggonan
-          Omah
Kabukti seka kutipan ing ngisor iki:
“Ora ngira babar pisan, tekan ngomah jebul Irawan wis ndhisiki. Dak deleng arloji, lagi jam setengah loro.”
-          Washington DC
Kabukti seka kutipan ing ngisor iki:
“Tekan Washington DC njujug Kedubes Indonesia, kang dununge ing Dupont Circle.”
-          Kuala Lumpur
Kabukti seka kutipan ing ngisor iki:
“Tekan Kuala Lumpur Internasional Airport sing methuk Parikesit.”

MASKUMAMBANG

PUPUH V
MASKUMAMBANG
01
Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den nuta.

Meskipun ayah, ibu, kakek, maupun nenek jika nasihatnya tidak baik, maka jangan kau dengar, tidak patut kau turuti.


02
Apan kaya mangkono karepaneki, sanadyan wong liya, kalamun watake becik, miwah tindake prayoga.

Demikian seharusnya. Meskipun orang lain, namun memiliki tabiat dan tingkah lakunya yang baik


03
Iku pantes yen sira tiruwa ta kaki, miwah bapa biyung, amuruk watek kang becik, iku kaki estokena.

Itu pantas kau tiru, Nak, begitu pula jika ayah dan ibu memiliki nasihat yang baik, maka turutilah, Nak.

04
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing dunya praptaning akhir, tan wurung kasurang-surang.

Orang yang tidak mentaati orang tua itu durhaka, dia akan kena kutuk sejak hidup di dunia sampai di alam akhir

05
Maratani mring anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja sira kumawani, ing bapa tanapi biyang.

Hingga kelak ke anak cucu. Oleh karena itu, perhatikan sungguh-sungguh, jangan engkau kurang ajar kepada ayah atau ibu

06
Ana uga etung-etungane kaki, lelima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lelima punika.

Ada juga yang disebut dengan lima sujud (bakti), Nak. Adapun kelima jenis sujud (bakti) itu adalah :


07
Kang dhingin rama ibu kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kaping katri, ya marang sadulur tuwa.

Yang pertama ayah dan ibu, kedua kepada mertua baik laki-laki maupun perempuan, ketiga kepada saudara tua


08
Kaping pate marang guru sayekti, sembah kaping lima marang Gustinira yekti, parincine kawruhana.

Keempat kepada guru, sedangkan kelima kepada raja (atasan). Adapun penjelasannya adalah


09
Pramila rama ibu den bekteni, kinarya jalaran, anane badan puniki, kinawruhan padhang hawa.

Mengapa ayah dan ibu harus dibaktikan, sebab keduanya adalah perantara yang menyebabkan kita hadir di dunia


10
Uripira pinter samubarang kardi, saking ibu rama, ing batin saking Hyang Widdhi, milane wajib sinembah.

Semua kepandaianmu bermula dari ayah dan ibu yang secara mata batin berasal dari Yang Mahakuasa. Oleh karena itu (mereka) patut kau sembah.


11
Ya mulane maratuwa jalu estri, pan wajib sinembah, angsung kabungahan tuwin, aweh rasa ingkang nyata.

Mengapa kedua mertuamu patut kau sembah, sebab mereka memberimu kebahagiaan dan kenikmatan sejati


12
Katanipun sadulur tuwa puniki, pan wajib sinembah, gegentening bapa benjing, mulane guru sinembah.
Sementara saudara tua harus kau sembah karena ia adalah ganti ayah kelak. Adapun guru wajib disembah karena


13
Kang atuduh sampurnanning urip, tumekeng antaka, madhangken pethenging ati, anuduhaken marga mulya.

Yang menunjukkan kesempurnaan hidup sampai datangnya kematian, menerangkan gelapnya hati, menunjukkan jalan kemulyaan

Senin, 05 Januari 2015

P A N G K U R

PUPUH IV
P A N G K U R
01
Sekar pangkur kang winarna, lelabuhan kang kanggo wong ngaurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipunkadulu, miwah ingkang tata krama, den kaesthi siyang ratri.

Nasihat ini dibalut dengan tembang Pangkur. Seyogyanya kau memahami hakikat pengabdian bagi kehidupan, tentang baik dan buruk perlu kau ketahui. Pahami pula ada dan aturan, serta siang malam jangan kau lupakan tata krama
02
Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu, tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng anendra, duga-duga nora kari.
Jangan kau lupakan pertimbangan, boleh sedikit curiga karena hal itu merupakan (keharusan) yang tidak boleh kau lupakan, baik ketka sedang terjaga, duduk, bangun, maupun berjalan, diam, berbicara, maupun tidur (jangan lupakan nalar).
03
Miwah ta sabarang karya, ing prakara kang gedhe lan kang cilik, papat iku aja kantun, kanggo sadina-dina, rina wengi nagara miwah ing dhusun, kabeh kang padha ambegan, papat iku aja lali.

Demikian pula pertimbangan empat perkara dalam segala hal baik yang besar maupun yang kecil jangan kau lupakan, terapkan sehari-hari, siang atau malam, di kota maupun di desa. (Hal ini berlaku) untuk semua makhluk yang bernapas.
04
Kalamun ana manusa, anyinggahi dugi lawan prayogi, iku watake tan patut, awor lawan wong kathah, wong degsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak, nora wurung neniwasi.

Jika ada manusia yang melupakan pertimbangan nalar, itu tak patut berbaur dengan orang banyak. Janganlah kau dekati orang yang tak tahu adat dan hanya menuruti kemauannya sendiri, (orang seperto itu) akan membawa kehancuran.

05
Mapan watake manusa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah muna-muninipun, pan dadi panengeran ingkang, kang apinter kang bodho miwah kang luhur, kang sugih lan kang melarat, tanapi manusa singgih.

Ciri perilaku manusia itu tampak dari bagaimana varanya berjalan dan duduk, tindak-tanduk dalam berbicara. Meskipun orang itu pandai atau bodoh, berderajat tinggi atau hina, kaya atau miskin
06
Ulama miwah maksiyat, wong kang kendel tanapi wong kang jirih, durjana bebotoh kaum, lanang wadon pan padha, panitike manusa wateke wewatekipun, apa dene wong kang nyata, ing pangawruh kang wus pasthi.

Ulama atau penjahat, pemberani maupun penakut, pencuri maupun bebotoh, atau lelaki maupun perempuan semua memiliki ciri-ciri yang sama.
07
Tinitik ing solah muna, lawan muni ing laku lawan linggih, iku panengeran agung, winawas ginrahita, pramilane ing wong kuna-kuna iku, yen amawas ing sujanma, datan kongsi mindho gaweni.

Terlihat dari tindak-tanduk, berbicara, berjalan, dan duduk, itu cirri utama yang mudah diketahui dan dirasakan. Oleh karena itu, orang jaman duu tidak pernah salah dalam menilai orang.
08
Masa mengko mapan arang, kang katemu ing basa kang basuki, ingkang lumrah wong puniku, dhengki srei lan dora, iren meren dahwen pinasten kumingsun, opene nora prasaja, jail mutakil bakiwit.

Masa sekarang, sangat sulit menemukan perilaku yang baik. Umumnya (manusia sekarang) itu dengki, serakah, dan pembohong, malas, iri, senang encela, sombong, tidak jujur, jahil, banyak curiga, dan curang
09
Alaning liyan den andhar, ing becike liyan dipunsimpeni, becike dhewe ginunggung, kinarya pasamuan, nora ngrasa alane dhewe ngendhukur, wong mangkono wateknya, nora kena denpedhaki.

Kejelekan orang lain disebarluaskan, sementara kebaikan (orang lain) disembunyikan, kebaikannya sendiri disanjung-sanjung dan dibicarakan dalam pertemuan, tidak merasa kejelekannya sendiri bertumpuk. Orang yang bertabiat seperti itu tidak layak kau dekati.
10
Iku wong durjana murka, nora nana mareme jroning ati, sabarang karepanipun, nadyan wusa katekan, karepane nora mari saya banjur, luwamah lawan amarah, iku kang den tut wuri.

Orang seperti itu disebutpenjahat  serakah, tidak pernah merasa puas meskipun semua keinginannya telah terpenuhi, kemauannya tidak ernah berhenti, malah semakinmenjadi-jadi, menurutkan hawa nafsu lawamah dan amarah.

11
Ing sabarang tingkah polah, ing pangucap tanapi lamun linggih, sungkan asor ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujanma pangrasane dhewekipun, nora nana kang memadha, angrasa luhur pribadi.

Segala tingkah laku, dalam berbicara maupun duduk, tabiatnya tidak mau dikalahkan oleh orang lain, tidak mau ada yang menyamai, ia merasa dirinya paling tinggi.
12
Aja nedya katempelan, ing wewatek kang tan panates ing budhi, watek rusuh nora urus, tunggal lawan manusa, dipun sami karya labuhan kang patut, darapon dadi tuladha, tinuta ing wuri.

Jangan sampai kau dihinggapi tabiat yang tidak pantas karena perilaku jahat seperti itu tidak patut disandang manusia. Seyognya berbuatlah kebajikan sehingga menjadi suri teladan dan panutan di kemudian hari.

GAMBUH

PUPUH III
G A M B U H
01
Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa kapatuh, katuruh pan dadi awon.

Sekar gambuh pola yang keempat,  yang menjadi bahan perbincangan adalah perlaku yang tidak teratur, tidak mau mendengar nasihat, semakin lama semakin tak terkendali, hal ini akan berakibat buruk.


02
Aja nganti kabanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur sayekti kojur tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.
Jangan sampai kau terlanjur dengan tingkah polah yang tidak jujur, jika sudah telanjur akan mecelakakan, dan hal itu tidak baik. Oleh karena itu, berusahalah ajaran yang sejati.
03
Tutur bener puniku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.

Ajaran yang benar itu patut kau ikuti, meskipun berasal dari orang yang rendah derajatnya, namun jika baik dalam mengajarkan, maka ia pantas kau terima.
04
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh.
Ada kiasa yang berbunyi adiguna, adigang, adigung, adigang kiasan kijang, adigung kiasan gajah, dan adiguna kiasan ular. Ketiganya mati bersamaan.
05
Si kidang ambegipun, angandelaken kebat lumpatipun, pan si gajah angandelken gung ainggil, ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyakot.

Tabiat si kijang adalah menyombongkan kecepatannya berlari, si gajah menyombongkan tubuhnya yang tinggi besar, sedangkan si ular menyombongkan bisaya yang ganas bila menggigit.
06
Iku upamanipun, aja ngandelaken sira iku, suteng nata iya sapa kumawani, iku ambeke wong digang, ing wasana dadi asor.
Itu semua hanya perumpamaan, janganlah kau menyombongkan diri karena putra raja sehingga merasa tidak mungkin ada yang berani, itu tabiat yang adiganng, ujung-ujungnya merendahkanmu.


07
Adiguna puniku, ngandelaken kapinteranipun, samubarang kabisan dipundheweki, sapa bisa kaya ingsun, togging prana nora enjoh.

Watak adiguna adalah menyombongakan kepandaiannya, seluruh kepandaian adalah miliknya. Siapa yang bisa seperti aku, padahal akhirnya tidak sanggup.
08
Ambek adigung iku, angungasaken ing kasuranipun, para tantang candhala anyenyampahi, tinemenan nora pecus, satemah dadi geguyon.
Tabiat orang adigung adalah menyombongkan keperkasaan dan keberaniannya, semuanya ditantang berkelahi, bengis, dan suka mencela. Tetapi jika benar-benar dihadapi, ia tak akan melawan, bahkan jadi bahan tertawaan.

09
Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek kang tetelu, anganggowa rereh ririh ngati-ati, den kawangwang barang laku, kang waskitha solahing wong.

Dalam kehidupan, jangan kau kedepankan tiga tabiat tersebut, berlakulah sabar, cermat, dan hati-hati. Perhatikan segala tingkah laku, waspadai segala perilaku orang lain.
10
Dene tetelu iku, si kidang suka ing panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula ing patinipun, ngandelaken upase mandos.

Dari ketiganya itu, si kijang mati karena kegembiraannya, gajah mati karena keteledorannya, sedangkan ular mati karena keganasan bisanya.
11
Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wewadi, bungah akeh wong kang nggunggung, wekasane kajalomprong.

Ketiganya tidak patut kau tiru, kalau kau tiru akibatnya akan buruk. Ciri-ciri pemuda adalah tidak dapat menyimpan rahasia , senang bia banyak yang menyanjung yang akhirnya menjerumuskan.
12
Yen wong anom iku, kakehan panggunggung, dadi kumprung, pengung bingung wekasane pan angoling, yen ginunggung muncu-muncu, kaya wudun meh mencothot.

K I N A N T H I

PUPUH II
K I N A N T H I
01
Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.
Kalian biasakanlah megasah kalbu, agar (pikiranmu) tajam menangkap isyarat, jangan hanaya selalu makan dan tidur, jangkaulah sikap kepahlawanan, latihlah dirimu dengan mengurangi makan dan minum.
02
Dadiya lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lawan aja asukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, suda prayitnaning batin.
Jadikan sebagai lelakon, kurangi makan dan tidur, jangan gemar berpesta pora, gunakan seperlunya (karena) tabiat orang yang gemar berpesta pora adalah berkurangnya kepekaan batin.
03
Yen wus tinitah wong agung, aja sira gumunggung dhiri, aja raket lan wong ala, kang ala lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari.
Jika kau sudah ditakdirkan menjadi pembesar, janganlah menyombongkan diri, jangan kau dekati orang yang memiliki tabiat buruk dan bertingkah laku tidak baik, sebab suka atau tidak suka (hal itu) akan menular padamu.
04
Nadyan asor wijilipun, yen kelakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes raketana, darapon mundhak kang budi.
Sekalipun berasal dari keturunan kelas bawah, namun memiliki kelakuan yang baik atau memiliki banyak cerita yang berisi (berguna), dia patut kau gauli, (hal itu) akan menambah kebijaksanaanmu.


05
Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, nora wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling.

Jika masih muda, biasanya mengikuti lingkungan, jika di lingkungan itu banyak penjahat, maka jahatnla ia. Jika di lingkungannya banyak pencuri, maka ia pun pandai mencuri.
06
Sanadyan ta nora melu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha nuli bisa, iku panuntuning eblis.

Meskipun tidak ikut (mencuri) pasti mengetahui bagaimana cara mencuri. Demikanlah (karakter) semua perbuatan jelek, awalnya hanya tahu, kemudian bisa melakukan, itulah bujukan iblis.
07
Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung kalakyan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mupangati badaneki.
Perbuatan yang benar itu akan mudah jika sudah dilaksanakan, terasa sulit jika belum dilakukan, enggan melaksanakan, namun jika dilakukan (hal itu) akan bermanfaat bagi jiwa raga kita.
08
Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor kang den simpar, umbag gumunggunging dhiri, obral umuk kang den gulang, kumenthus lawan kumaki.
Para pemuda di masa sekarang meninggalkan sopan santun dan rendah hati, sebaliknya mengumbar kesombongan dan tinggi hati.
09
Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku wewatone uga, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, carita ala miwah becik.

Tidak mengenal teman satu sama lain, kurang ajar, dan congkak, itu juga kebiasaannya, para pemuda menjauhi orang yang berperilaku baik, tidak mau mendengar cerita yang baik maupun cerita yang jelek.


10
Cerita pan wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener ala lan ora, kalebu jro cariteki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.
Adapun erita yang sudah terjadi, adalah perbuatan baik dan buruk, tingkah laku benar dan tidak benar termasuk ke dalam jenis cerita, oleh karena itu disebu cerita, selurihnya harus kau ketahui.
11
Mulane wong anom iku, abecik ingkang taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.
Oleh karena itu, sebagai pemuda seharusnya rajin berkomunikasi dan berembug dengan orang tua yang banyak bicara. Ingat, bicara itu banyak macamnya, ada yang baik, ada pula yang buruk.
12
Ingkang becik kojahipun, sira anggoa kang pasthi, ingkang ala singgahana, aja sira anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing masa puniki.

Pastikan kau ikuti pembicaraan yang baik, yang kurang baik singkirkan, jangan kau lakukan, meskipun begitu, di masa sekarang waspadalah setiap orang bicara.

DHANDHANGGULA

PUPUH I
DHANDHANGGULA
01
Pamedare wasitaning ati, cumanthaka aniru Pujangga, dhahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung, datan wruh yen keh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita.
Uraian nasihat ini bermula dari kelancangan hati berniat meniru para pujangga, padahal (aku) sangatlah bodoh. Tetapi karena ingin disanjung, tidak tahu jika kelak banyak yang mencibir. Memaksakan diri untuk menciptakan, (meski) dengan bahasa yang kacau balau bahkan tersia-sia, namun (hal ini) kususun dengan teliti dan sabar, semoga isyarat ini menjadi jelas.
02
Sasmitaning ngaurip puniki, apan ewuh yen nora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.
Isyarat dalam kehidupan ini, tidak mungkin kau pahami jika kau tak mengetahuinya, tidak akan memiliki ketenangan dalam hidupnya. Banyak yang mengaku dirinya sudah memahami isyarat (dalam hidup), padahal belum mengolah rasa, inti dari rasa yang sesunguhnya. Oleh karena itu, berusahalah (memahami makna rasa itu), agar sempurna hidupmu.
03
Jroning Kur’an nggonira sayekti, nanging ta pilih ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, temah sasar-susur, yen sira ayun waskita, sampurnane ing badanira, punika sira anggegurua.
Di dalam Al-Quran tempatmu mencari kebenaran sejati, hanya yang terpilih yang akan memahaminya ,kecuali atas petunjuk-Nya. Tiadk boleh dicampur-adukan, tak mungkin kau temukan (kebenaran isyarat), bahakan kau semakin tersesat. Jika kau menghendaki kesempurnaan dalam dirimu, maka bergurulah.
04
Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang ngirangi, sukur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.
Meskipun begitu, jika engkau berguru, Nak. Pilihlah guru yang sebenarnya, tinggi martabatnya, memahami hukum, dan rajin beribadah. Syukur-syukurjika kau temukan seorang pertapa yang tekun dan tidak mengharapkan imbalan orang lain, dia pantas kau gurui. Serta ketahuilah
05
Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang, prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, myang kiyase papat iku salah siji, anaa kang mupakat.
Jika seseorang berbicara tentang ilmu, tetapi tidak sesuai dengan empat hal, janganlah engkau terlalu cepat menganggap benar adanya. Saringlah agar bening dan ukurlah dengan empat hal, yaitu dalil, hadis, ijmak, dan kiyas. Salah satu dari keempat hal itu harus ada yang sesuai.
06
Nora kena lamun den antepi, yen ucula sing patang prakara, nora enak legetane, tan wurung ningal wektu, panganggepe wus angengkoki, nora kudu sembahyang, wus salat katengsun, banjure mbuwang sarengat, batal karam nora nganggo den singgahi, bubrah sakehing tata.

Tidak boleh kau terima (isyarat) jika lepas dari empat hal tadi, karena biasanya tidak baik. (kau akan) merasa sudah menjalankan ‘laku’ sehingga yidak harus sembahyang, akhirnya meninggalkan syariat, tidak perlu tahu mana yang haram dan batal. Hal itu akan merusak aturan.
07
Angel temen ing jaman mangkin, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong njaja ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawene sarak, den arani luput, nanging iya sasenengan, nora kena den uwor kareping janmi, papancene priyangga.
Memang sulit mencari seseorang yang patut kau gurui di zaman ini. Banyak yang menjajakan ilmu tetapi jarang yang mengikutinya. Jika seseorang berilmu dan menjalankan lakunya dengan benar, malah  dianggap salah. Namun itu hak masing-masing, tidak boleh kau samakan keinginan orang, masing-masing memiliki perbedaan.
08
Ingkang lumrah ing mangsa puniki, apan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik tingale, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang padha ngupaya, kudu anggeguru, samengko iki tan nora, Kyai Guru naruthuk ngupaya murid, dadiya kanthinira.
Yang biasa terjadi pada masa kini adalah guru yang mencari murid, itu tampak sangat ironis dengan kebiasaan yang terjadi di masa lalu. Zaman dulu murid yang berusaha mencari dan harus berguru, sekarang tidak begitu, malah guru yang ke sana ke mari mencari murid. Jadikan sebagai pengangan (kanthinira merupakan isyarat pola tembang berikutnya, yaitu Kinanthi).
Sumber : http://panditoblog.wordpress.com/